mugi priatin

Guru di MI Negeri 3 Purbalingga, Lulusan S-1 Jurusan PBA (Pendidikan Bahsa Arab) IAIN Walisongo Semarang tahun 1997. Dan lulus S-2 Jurusan Pendidikan Ag...

Selengkapnya
Navigasi Web

NUNGGING

N U N G G I N G

Ayu nduuk … aja nangis, biyungmu bingung karepmu apa. Di emban uwis, mimi susu uga uwis, maem ya uwis, loh kok esih nangis bae.

Karo di eyang – eyong tetep esih nangis bae. Malah nangise tambah kenceng karo tangane cung-cung maring njaba. Untunge mbaeh sing paham nidokna karo ngendika : “Kayane njaluk yun-yunan Gi … “, ngomong karo nyambi seak – seok nyaponi latar sing wis kebek runtah godong dukuh. Ndilalah ana pang sing ngisor nang bapane bocah dijireti ayunan. Dadi lumangyan kena nggo nylimur bocah rewel anu arep turu wis ngantuk.

Jan rasane nlangsa pisan, mbarang ngrasakna prei, nang ngumah perek karo bocah, bisa nglendot karo biyunge, rasane bener-bener dadi biyung. Tapi kepriwen maning Gusti Alloh eman karo inyonge. Alhamdulilllah rampung kuliah ora nganggur langsung olih wiyata bakti, ora let suwe ya kira-kira nem tahun wiyata terus diangkat dadi pegawai momong bocah nang MI Negeri 3 Purbalingga, gutul saiki.

Ya kue ngrasakna lagi mangkat sekolah jam 07.00 kudu wis nang sekolahan jam 14.30 minimal, tembe minjer print pamitan bali ngumah. Angger duwe anak cilik kadang melasi, sedina dadi anake embaeh utawa rewange, sebabe biyunge baline wis sore. Ketemu sedela banget. Biasane angger wis wektu ashar maring maghrib ra suwe terus sedela wis wektu ngisa. Bocah … wong bocah cilik ya uwis turu. Biyunge ketemu dolanan sedela banget, Mulane bocah angger embaeh utawa rewange lunga kelayu … terus angger biyunge lunga … ? Kie kie jan ora kelayu babar blas.

Tapi kabeh mau tetep disyukuri, senajan ketemu sedela … bisa nggo tamba kangen sedina di tinggal ngode. Mung donga moga-moga anakku aja rewel … kie sing penting bocah waras ora mriang. Dadi angger bocah waras biyunge lunga ngode rasane ora melang-melang. Paling angger kepengin weruh bocah, … siki wis jaman modern bisa mbukak WA, nek wektu ngaso.

Lah kue … sing merekna sok ngguyu dewek angger lagi ngoreksi ulangan bocah nang kelas, udu sebab bocah nilene apik, utawa bocah gawe lucu nang kelas, … tapi kemutan anak lanangku sing nomer telu sing tembe umur 21 wulan. Seduluur rika wis pada ngalami kabeh … bocah seumuran mau, mbok lagi ngetoni, lagi lucu-lucune jere. Apa-apa ditakokna, mbarang ditidokna gole nirokna urung genep hurufe. Sing nlangsa angger wis ngerti terus bocah mau ngomong maning terus si biyung ora mudeng … wong sing maraih embaeh utawa rewange, merekna bocah geger gempulingan sebab deweke ngomong biyunge jan bener-bener ora ngerti ngomong apa.

Seliyane kue sing merekna ngguyu dewek nang kelas angger kemutan anak lanangku sing 21 wulan mau … angger turu posisi awake nungging … jan lucu. Raine di ungsebna bantal, tangane temapak lorone kaya wong sujud, sikille nekuk lorone bokonge njonte … aduuh jann … merekna gemuyu.

Oooalaaah … he he he … anak lanang … anak lanang ………

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Mbok njaluk adi maning bu,,iya?

13 Jan
Balas

genahan umur semono lagi lucu-lucune. jan-jane nek dikoberna nulis ya bisa ya. mantaplah.

13 Jan
Balas

Lucu bsnget putranya bunda Mugi hehe

13 Jan
Balas

Ya kue genah koh .... Mksh P Pras ...

13 Jan
Balas

Genah lagi ngetoni ... Ketemune langka ... korban biyunge lunga ngode ...

13 Jan
Balas



search

New Post