mugi priatin

Guru di MI Negeri 3 Purbalingga, Lulusan S-1 Jurusan PBA (Pendidikan Bahsa Arab) IAIN Walisongo Semarang tahun 1997. Dan lulus S-2 Jurusan Pendidikan Ag...

Selengkapnya
Navigasi Web

PIT ONTHEL ....

PIT ONTHEL ….

Jaman cilik … esih kemutan … lan bakalan ora kelalen … angger kon pit-pitaan senenge ora lumrah. Saking senenge, wis sore mangsane adus … esih pit-pitan bae ora gelem bali padahal seliyane wis sore uga anu urung adus. Mbarang gelem bali toli anu ramane sing marani bate mbekayune utawa kakange ora payu olehe ngaseng bali. Wis kaya kue ehe … he he … ngerti sing marani ramane … aku wis mlayu disit bali nyiuk dalan liyane sing kira-kira ora kepetuk karo ramane. Nalika ramane gutul nggon sing ditidokna kakangku utawa mbekayuku ya … jelas aku wis ora nana. Jann … pancen angger dipikir nggelani temen. Angger sampeyan pada dadi kakange utawa mbekayne toli aduh piwe ya … sampeyan bisa njawab dewek kira-kira priwe lah …. iiih ….

Lah saiki bocah-bocah nom wis langka … angger lunga-lunga nganggo pit onthel. Anggera ana, ya … jelas suka lunga karo pit motore, jere alasane isin batire pada ngaggo pit motor wis jaman ayah wene esih nganggo pit onthel. Alasan liyane jere kesuen ora gutul-gutul selek sikile pada kiu sebab ngonthel mau. Jane ya … emang ora salah … anggeran nyong sam peyan arep ana kepentingan ndilalah sing di tuju anu adoh apa embane arep ngonthel bae … apa maning kaya aku dewek utawane sampeyan wis pada ora nom maning … mestine stamina utawa kekuatane ya wis beda ... kayane angger nekad ya dadi … gutul slamet. Tapi angger aku dewek mbarang wis gutul maring nggon sing dituju … terus krenggosan, napase kaya arepan pedhot, kringete dlaweran, … terus sebab anu jarang ngepit … kempole rasane kaya arep tugel-tugela … pegel tur pating kremod.

Tapi nang nggonku ana wong sing angger tindak ngendi-ngendi jann … ora tau nganggo pit motor Pak Bejo jenenge. Kue udu sebab anu ora duwe … deweke wong sugih wong bojone be dadi perawat nang rumah sakit Purbalingga … nang Wirasana. Putrane loro lanang kabeh, mbarepe kanca sekolah bareng aku nang SD, celukane Ipung siki wis duwe bojo nek ora salah olih wong Bandung lan duwe anak loro. Bojone ayu pisan, sebab Mas Ipung kue kerja dadi Angkatan Darat. La sing nomer loro sing jenenge Guntur … saiki dadi pulisi negara angger biyungku crita … uga wis duwe bojo anake tembe siji. Sing aku lewih salut maning, deweke mupu anak wadon sekang rumah sakit … nek ra salah ana pasien babaran biyunge ninggal, dadi di adopsi nang deweke. Jenenge Irma. Bocaeh ndilallah manut, ora lenjeh, tur ayu. Irma disekolahna nganti kuliah, alhamdullllah siki wis nyambut gawe nang rumah sakit Wirasana dadi perawat. Aduuh … bener-bener enyong salut ngrumat bocah kon pada sekolah nganti pada dadi Angkatan Darat mbarepe, sing nomer loro dadi pulisi lan sing nomer telu dadi perawat kue anak sing di pupu …. Jan bener- bener tek acungi jempol.

Lah kue … kue … sing tek gumuni se jege urip deweke nganter ibune kerja nang rumah sakit Wirasana ndina-ndina nganggo pit onthel … ora isin-isina. Nganter putra-putrane sekolah nganggo pit onthel, gutul pada kulliah dianter maring pinggir gili numpak angkot ya … nnganggo pit onthel. Dadi nang ngendi ana Pak Bejo ya mesti ana pit onthel. Nganti putra-putrane mentas dadi pegawe kabeh.

Selamat Pak Bejo … moga-moga njenengan karo ibune olih panggonan sing bejo pas karo asmane Pak Bejo, kepenak nang pereke Gusti Allah … amiin. Pak Bejo wis di pundhut dening sing gawe urip wis rong tahun kepungkur wingi, let setahun sawise ibune. Aku dadi sinau, … sejatine kabegjan mau kudu di golet dewek ora mung ngedirna kebegjane wong tuwa ….

Kasunyatane … pit onthel nggawa begja uripe keluargane Pak Bejo, … saluut ….

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post