KANGEN PHOTO NING MENARA
93/365
03,04,2022
#kolom
#renungandiri
KANGEN PHOTO NING MENARA
Kangen.
Wah, pancen susah ya ngilangna rasa kangen ati. Apa maneh yen mung kangen photo. Lah, gek wingi rame ana acara anyar. Okeh wong pada ziarah.
"Lha ya, dina pungkasan re."
"O..iya. Minggu wis mulai pasa."
Layak okeh wong pada ngumpul ning Menara. Ora mung ziarah nanging uga mlaku-mlaku sak anak bojone.
Sanadyan wong Kudus dhewe. Rasa tresna ro masjid ning Menara ora isa ditahan. Padahal gur pengen photo ning Menara. Aneh ya? Iki ora masalah pamer, nanging ngluari rasa kangen sing ora isa tak bendung. Apa maneh jarake gur rong atus meteran. Isa dilakoni kanthi mlaku.
Lha, wingi kebeneran bareng ro acara Tabuh Bedug Blandrangan Menara Kudus. Wah, aku ro Heni lan putune sing isih cilik menthik kae loh? Jenenge Arsi. Bocahe imut, lucu, pipine tembem kaya bakpao. Kulitane putih, dadi sing nyawang seneng.
Ngerti ora? Yen, sejatine aku wingi pengen banget photo ning dhuwur. Lha, gandeng okeh wong sing ziarah ro mlaku-mlaku, terus ora entuk. Lawange di jaga ro salah sijine petugas yayasan. Biasane ya oleh lan ora apa-apa.
Ya, wis durung nasibku isa munggah maneh ning Menara. Kapan-kapan uga bisa, pikirku. Njur aku mlaku-mlaku sak ubenge Menara. Aku njur kelingan sak durunge ana pandemi.
Mulane acara Tabuh Bedug Blandrangan Menara Kudus, kuwi kanggo ngganti acara "ndandangan". Watake ngono. Lah, bareng ana pandemi kabeh kegiatan dibubarke. Dadi saiki ya sepi. Lagi rong tahun ini ana kegiatan Tabuh Bedug. Kuwi wae mung warga sekitar sing diceluk. Kanggo mbatesi sing teka.
Ning, Alhamdulillah wis ora nganggo jarak maneh. Wis oleh impit-impitan. Buktine, wingi kabeh warga sing teka lan melu tahlil, ya lungguhe mepet-mepetan. Njur mbengine ya wis mulai ana taraweh. Wis, pokoke ati seneng, ayem, lan tentrem.
Sepisan, isa photo ning Menara, sanadyan ning ngisore. Ping pindo, wis isa taraweh kaya biasane. Ping telu, ora usah jaga jarak. Rasane ati bungah ora karuan. Gek nyambut pasa dirayake bareng warga, ro ngrungokna Tabuh Bedug, njur mangan bareng ro lungguhe lesehan. Asyik tenan.
Gusti Pangeran pancen ngijabah dongane warga kabeh. Yen, sejatine masjid kuwi kanggo kumpulan wong ngibadah. Ora oleh dibatesi, apa maneh dilarang.
Wis ya, semene dhisik ceritaku. Yen dina Minggu jatahe nulis nggo basa daerahe dhewe-dhewe. Ben tambah okeh ilmune. Entuk saka daerah liyane, sing basane ya ketok lucu. Pokoke nyenengke. Reti ya apik, ora reti maksude ya ora apa.
"Matur nuwun ya, Hen. Aku wis mbok ajak mlaku-mlaku lan photo ning Menara."
Heni mung mesem ro ngajak balik, awit jam wis arep maghrib. Aku wis marem isa photo maneh ning Menara. Alhamdulillah, kangenku wis ilang.
*******
Yuk ikut membaca surat Al Baqarah di bawah ini:
99. Wa laqad anzalnaa ilaika aayaatim bayyinaatiw wa maa yakfuru bihaa illal faadiquun.
Dan sesungguhnya Kami telah menurunkan kepadamu ayat-ayat (tanda-tanda) yang terang; dan tidak ada yang ingkar kepadanya melainkan orang-orang yang fasik.
100. A wa kullamaa 'aahaduu 'ahdan badzahuu fariiqum minhum bal aktsaruhum la yu'minuun.
Dan apakah setiap kali mereka berjanji dengan suatu perjanjian, segolongan mereka melemparkannya (melanggarnya)? Bahkan kebanyakan mereka tidak beriman.
101. Wa lammaa jaa-ahum rasuulum min 'indillaahi mushaddiqul li maa ma'ahum nabadza fariiqum minal ladziina uutul kitaaba kitaaballaahi waraa-a zhuhuurihim ka annahum laa ya'lamuun.
Dan setelah datang kepada mereka seorang Rasul dari sisi Allah yang membenarkan kitab yang ada pada mereka, sebagian dari orang-orang yang diberi kitab melemparkan Kitab Allah (Taurat) kebelakang punggungnya, seolah-olah mereka tidak mengetahui.
Aku doakan yang ikut membaca surat Al Baqarah ini, senantiasa dijauhkan dari api neraka, diampuni dosanya, diangkat derajatnya, diangkat penyakitnya, dimuliakan hidupnya. Aamiin ya robbal'alamin 🤲
Salam cinta 💖
Kota Suci,
03,04,2022
#psmakreatif #kampunganakmerdeka #galangsakanegara #gitabunganegara #mariamagdalenabhoernomo #manggarmaulana #henisandra
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Kereeen ceritanya, Bunda. Salam literasi
Alhamdulillaah, mantep critane bu, saget mirsani tabuh bedhug Blandrangan Menara Kudus, marhaban ya Ramadhan, sehat lan sukses bu Murni Asih
Aku juga kangen Bunda
Keren banget ulasannya Bunda
Semoga suatu saat saya bisa foto di situ bareng panjenengan ya, Bu.
Sayange kula kok mboten dijak budhe? He he he...sugeng nindakaken ibadhah siyam.mugi lancar lan tansah kaberkahan. Amin
Mantap ulasannya bu. Salam literasi