Murni Asih

Ir. Murni Asih, M.H. Pekerja social di PaSMA Kreatif. Pekerja Seni. Penasehat Paud Almira Kudus. Penasehat Teater Tiga Koma (Anak kampus UMK), Wayang Gojek. Tin...

Selengkapnya
Navigasi Web
PERSADAKU TILIK SAMSAH
Wah..nyenengke banget, isa melu tilik ning Panti Asuhan Samsah, Singocandi, Kudus. Yuk, di sapa atuh ben bungah atine. 🥰

PERSADAKU TILIK SAMSAH

114/365

24,04,2022

#kolom

#renungandiri

PERSADAKU TILIK NING SAMSAH

Kanca-kanca kabeh, saben dina minggu aku gawe tulisan nganggo basa daerahe dewe-dewe. Arep lucu yo ben sing penting kanggo nglestareke basa ibu. Dina iki aku meh nulis kegiatane Persadaku.

Opo si Persadaku kuwi?

Miturut kbbi tegese panggonan. Wujude isa gedung, istana, uga bangunan liyane. Nah, Persadaku ning kene kuwi tegese kumpulan kanca tamatan esempe negeri loro, lintas angkatan. Kanca kabeh podo rukun lan guyub. Opo maneh akeh program sing nyenengke. Pengen ngerti opo wae programe Persadaku?

Ana santunan kanggo bocah sing ora mampu. Wenehi bantuan ro sekolahan sing sifate kanggo kemajuan sekolah. Contone, wingi kae esempe loro mbangun masjid. Kanca tamatan esempe loro sing kumpul ning bendera Persadaku, yo melu nyumbang.

Nganakna donor darah. Tilik guru sing wis purna, sakit, uga silaturahmi kanggo njalin keakraban guru ro murid. Ora ketinggalan uga tilik ning panti asuhan. Ketepakan dina iki, minggu esuk mau sak ombyok kanca Persadaku berbagi ning wulan ramadhan.

Penasaran tah ora? Iki mau ketua Persadaku, Kang Suwasono dikancani ro Kang Bayu Aji, Kang Hari Mulyono, uga Kang Dedy. Ora ninggal kanca wedhok sing ayu-ayu. Ana Yu Femi, Yu Meriana, Yu Alfa Yuana, Yu Merry Triana, ro Yu Etik tilik ning Panti Asuhan Samsah, desa Singocandi, Kabupaten Kudus.

Lho? Jebule salah sijine pengurus Panti asuhan Samsah ana Pak Sahli. Wah, nyenengke. Ditampa kanthi bungah. Pak Sahli uga guru esempe loro sing wis purna. Alhamdulillah nderek bingah Pak Sahli. Muga-muga berkah. Aamiin🤲

Ana maneh sing nggawe senenge ati, yaiku halal bi halal. Njur, opo maneh sing menarik? Okeh banget. Masjid sing dibangun telung wulan kepungkur wis rampung. Arep di sah na tanggal 21 Mei 2022, tepak ro harlah esempe loro, sing ping suwidak loro. Wah, jian endah tenan! Alhamdulillah, muga-muga entuk berkahing Gusti Pengeran sing Maha Agung. Aamiin🤲

Kanggo ngramekna harlah esempe loro, uga di buka bazzar. Terus ben suasanane gayeng, di ajak senam bareng ning plataran sekolahan. Lah, kanggo pungkasan tetep ana donor darah. Wah, kegiatane keren banget ya? 👍

Kanggo pengeling-eling, yen dina minggu, 24/4/2022 iki mau tilik ing Panti Asuhan Samsah, Singocandi. Tanggal 5 Mei 2022, halal bi halal. Tanggal 15 Mei 2022, senam bareng ben sehat. Tanggal 22 Mei 2022, donor darah. Tanggal 23-25 Mei 2022, bazzar.

Yuk, kanca kabeh. Sapa sing arep pengen nyumbang kanggo kegiatan iki, isa njawil mbak Merry Triana. Wonge sabar tur apikan. Wis, semene dhisik critaku. Rasane mak plong isa gawe tulisan nggo basa daerahe dewe. Mbuh pye dadine. Bahasane campur aduk sing penting mudeng karepe. Hahaha.

Matur nuwun kanca kabeh. Muga-muga keapikanmu dibales ro Gusti Allah SAW sing kanthi luwih-luwih. Aamiin🤲

Salam Persadaku 🙋‍♀️

*******

Yuk, kanggo nglengkapi tulisan dhuwur melu maca surat Al Baqarah sanadyan sak ayat.

124. Wa idzib talaa ibraahiima rabbuhuu bi kalimaatin fa atammahunna qaala innii jaa'iluka lin naasi imaaman qaala wa min dzurriyyatii qaala innii laa yanaalu 'ahdizh zhaalimiin.

Dan (ingatlah) ketika Ibrahim diuji Tuhannya dengan beberapa kalimat (perintah dan larangan), lalu Ibrahim melaksanakannya dengan baik. Allah berfirman, "Sesungguhnya Aku akan menjadikan engkau pemimpin bagi manusia." Ibrahim berkata (berdoa), 'Dan dari keturunanku (juga)!" Allah berfirman, "Janjiku (ini) tidak diperoleh orang-orang yang zalim."

Aku doakan yang ikut membaca surat Al Baqarah ini, senantiasa dimuliakan hidupnya, diangkat derajatnya. Diampuni semua dosanya. Dimudahkan segalanya dan dilimpahkan rezekinya tanpa pernah putus... aamiin ya rabbal'alamin. 🤲

Salam cinta❤😘

Kota Suci,

#psmakreatif #kampunganakmerdeka #gitabunganegara #galangsakanegara #mariamagdalenabhoernomo #manggamaulana #persadaku

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Yo tetep apik lan gayeng nganggo bada jawa ngene iki, bu. Opo maneh onok kegiatan mbiyantu sing kekurangan. Mantep tenan

25 Apr
Balas

Aku ora ngerti artine. Sitik ae buk. Sukses kabeh karo konco-koncobne buk. Kira-kira isinya tentang kegiatan alumni ya buk.

25 Apr
Balas



search

New Post