Kangen Sego Pincuk
Tagursiana 365/326
Kangen Sego Pincuk
Pincuk iku wadah sing digawe soko godong gedang utowo godong jati sing enom. Di lempit sithik sisih sijine lan ditusuk nganggo biting. Bentukke koyok kerucut nanging rodok dowo amargo ben iso kanggo wadah sego utowo panganan liyane.
Naliko aku cilik, kerep diajak bapakku nyang sawah tandur pari, matun lan tunggu manuk. Disangokne sego lan lawuhe sak rantang kebek. Pas teko wancine mangan awan sego lan lawuhe dipurak. Ajange nganggo pincuk godong gedang mangane muluk ora nganggo sendok mergo ben ora kakean gawan songko omah.
Mangan sego pincuk nek nduwur watu gede tengah-tengahe sawah utowo nang pinggire kali ngisore sawah. Nyampleng tenan. Enake panganane ora sepiro tapi kahanane ugo marahi gayeng lan nikmat anggonku mangan.
Jaman saiki, warung-warung modern podo nerapne konsep mangan jaman mbiyen. Istilahe jare back to old. Lungguhe yo diatur neng gubuk-gubuk gedhek nok duwur sawah sing ditanduri pari. Sing rawuh wong kutho-kutho numpak mobil agemane rapi lan resik-resik. Koq yo seneng banget ketoke. Opo mergo durung nate nglampahi dahar nok tengah sawah nganggo pincuk lan muluk.
Unggahane koncoku sing neng jowo pas weekend nggarahi aku kangen balik marani bopo biyung ku. Aku yo pengen masak ngango pawon lan panci lemah. Aku kangen mangan sego jagung lawuh bothok godong brambang sing digenemi, tambah sambel plelek karo kelem sawi lan gereh. Jan panganan ndeso tenan tapi enake ngalah-ngalahi panganan restoran.
Panganan sing dimasak nganggo kayu bedo rasane, panganane enak tur sedep ambune Opo maneh janganane anyar lagek nyabut songko kebun ngarep omah. Berase yo alami panen tandurane dewe, pulen tur puteh alami ora mergo diwenehi obat.
Mugo-mugo corona ora ngganas maneh, peraturane pemrintah ben rodok longgar, aku isok muleh neng njowo. Ora lali aku ndungo terus ben diparingi sehat lan rizki sing akeh berkah ugo turah-turah kanggo tumbas karcis numpak montor mabur marani sego pincuk neng tengah sawah.
Perantauan, 19 September 2021
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Ya Allah buuuu... Kok mesakke timen.
Hahahaha