nunung listyani

Nunung Listyani, Guru di SMP Negeri 2 Karangrejo Kab. Magetan Jawa Timur....

Selengkapnya
Navigasi Web

PAMIT

Tantangan hari ke-22

#TantanganGurusiana

Wengi iku sawise Isya dibarengi udan grimis

Awakmu marani pondokanku

Jare ibu kosku goleki aku

Aku kaget lan gak ngiro awakmu bakal teko

Tak sawang pasuryanmu katon pucet

Angles lan lemes

Neng ngarepku awakmu meneng mung nyawang aku

Gak kewetu ngomong opo opo

Sawise sak wetoro awakmu nyekel tanganku

Aku pamit jaremu

Aku arep nglakoni lembaran urip anyar karo wong liyo

Tak jaluk awakmu ora gelo lan ora nelongso

Tansah paseduluran lan ora musuhan sak lawase

Wis ginaris e ingkang Kuasa

Awake dewe mung iso roso gak ono kaiket neng jodo

Lalekno aku mugo mugo awakmu ono gantiku

Sing iso gawe kamulyane uripmu

Awakmu ngomong lambemu katon keder

Aku gak popo lan aku gak nesu pangucapku

Wis ndang baliyo pelaminan lan kembar mayang

Sesuk dadi duwekmu karo calon sisihanmu

Nanging dudu aku

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post