NURROHMAH PUJI MASTUTI

Guru IPA yang sejak kecil gemar sastra. Seringkali menulis puisi dan cerpen di sela kegemaran traveling.Lebih suka diam dan suka dengan ketenangan. ...

Selengkapnya
Navigasi Web
Opak Upil lan Opak Gebres (H121)

Opak Upil lan Opak Gebres (H121)

Dina minggu ngadhepke riyaya, bubar nyekar njur mampir tuku opak utawa krupuk. Ning krupuke beda karo biasane. Nggorenge wae ora perlu nganggo lenga. Dadi ya ora bingung senajan regane lenga ora mudhun-mudhun.

Tekan omahe bakule, aku njur ngetutake bapake bocah-bocah. Njujug pawon ndesa ing omahe bakul krupuk iku mau. Ing pawon, ana wong lanang kang isih nyiapake luweng. Nyugoake kayu kangge nggeneni wajan kang wangune kaya drum utawa molen ge ngudheg luluhan.

Sakwise wadhahe kanggo nggoreng iku mau panas, njur wedhi resik dilebokake. Ora let suwe, krecek krupuk uga dilebokake. Diudheg-udheg mung itungan detik, krupuke langsung mekrok nyenengake.

Krupuk mau jenenge krupuk upil utawa opak upil. Krupuk kang bahane saka tepung tapioka utawa glepung kanji. Rasa lan wernane rena-rena. Ana kang werna putih polos, putih sleret abang, putih sleret ijo, lan uga werna campuran. Dene rasane ya rena-rena. Ana rasa bawang, rasa trasi, lan uga rasa pedhes.

Ing desa Bangsri, wilayah kecamatan Kertosono, kabupaten Nganjuk, sakliyane krupuk kang telu rasane iku mau, uga ana krupuk kang diarani krupuk gebres.

Gebres utawa wahing, biasane ngenani wong kang pilek utawa flu. Ning krupuk gebres iku kanggo dikonsumsi wong sehat. Sapawae sing maem krupuk gebres, ora let suwe ya mesthi gebres-gebres. Rasane rada pedhes, lan ambune rada nyegrak.

Krupuk upil wis kondhang ing daerah Nganjuk, Kediri, lan Jombang. Ana kang seneng maem krupuk iku langsung, ana uga kang maeme dicampur sambel pecel. Yen dicampur kulupan lan sambel pecel jenenge dadi krupuk pecel.

Krupuk upil sing cocok kanggo krupuk pecel biasane sing rasa bawang. Dene sing rasane pedhes cukup dikonsumsi langsung. Ukurane krupuk ya rena-rena. Ana kang cilik-cilik, uga ana kang rada gedhe.

Biyen nalika aku isih kuliah ing Surabaya, golek krupuk upil kang digoreng pasir ora ana. Anane krupuk upil kang digoreng lenga lan rasane legi. Ing daerah liya, ana kang ngarani krupuk bakar, merga carane masak kanthi dibakar, senajan ora langsung ing nduwure geni kaya mbakar sate.

Yen tuku krupuk upil bisa rupa bungkusan, rega limangewunan, sepuluh ewunan, utawa nimbang. Sak kresek abang bisa kaisi setengah kilo. Dene regane watara slawe ewu.

Ing wayah riyaya ngene iki akeh wong kang seneng krupuk upil utawa krupuk sambel. Pancen rasane ya manteb, athik mathuk yen kanggo sangu jagongan sinambi riyayan. Ora nggarai wareg, lan uga ora ngndung lenga utawa minyak goreng.

Jok kuatir, pasir sing kanggo nggoreng wis diumbah dhisik nganti resik. Ora ana awune, apa maneh katutan kotorane kucing. Weh lha yen ora resik, mendah ambune. Ge nggoreng ya ora kena, merga nggarai kelet.

Semene dhisik ya critaku. Sukmben diterusake meneh. Nyuwun pangapunten bilih wonten kalepatan saking kula sakluarga.

H 121

Nganjuk, 1 Mei 2022

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Kereeen ulasannya, Bunda. Salam literasi

01 May
Balas

Mantap ulasannya

01 May
Balas



search

New Post