Sego Pecel Tumpang (H 240)
Wengi iki ing dalan-dalan isih rame agustusan. Niatku saka ngomah pancen arep nuju daleme emak. Nanging lagi sedhela, tekan tikungan wetan bale desa wis ketemu rombongan jaranan.
Ratane lumayan rame merga akeh wong ing pinggir ratan. Bareng wis kliwat tibake dudu karnaval. Mung iring-iringan merak loro lan jathilan.
Aku njur nutugake laku. Ndilalah wis meh tekan tujuan, lha kok dalane buntu. Tak inceng saja kadohan katon terop panggung wayang. Aku njur golek dalan liya amrih ben age cepet tekan daleme emak.
Bubar sholat ashar ing daleme emak aku nhur ngeterke keponakan budhal ing pondhokan. Ndilalah tekan ndalan nuju mulih saka Kediri lha kok macet pisan. Nanging dudu motore sing macet. Balik dalabe dibuntu merga ana bazar.
Muter-muter maneh golek dalan liya. Ngadhepake maghrib njur mandheg ing desa liya. Golek parkiran sedhela. Alhamdulillah pas maghrib entuk musholla.
Bubar maghriban nerusake ndelok bazar. Mlaku-mlaku milih panganan. Nanging merga wis kepencut sego pecel sambel tumpang, wusanane ya balik ndalan. Andhok sedhela ngicipi sego pecel tumpang ing cedhake kecamatan.
Sakjane wilayah iki minangka asli tanah kelahiran. Nanging merga aku wis suwe ora sambang, dadi ya ora ngerti yen ana bakul sego pecel tumpang iki mau.
Sego pecel tumpang rasane pancen enak tenan. Sega putih kira-kira sak enthong punjul sithik ditambahi kulupan. Njur digrujug sambel pecel lan sambel tumpang. Tambah nyamleng merga ana tahu, tempe lan peyek kang diseleh ing nduwure.
Sakwise entek sak porsi plus wedang jeruk anget, aku njur bali. Tak takoni sakdurunge bali, tibake saben dina bakule pancen manggon ing ngarepe kecamatan Ngronggot iki. Mangga dipun ampiri menawa ngliwati. Enak tenan rasane.
H 240
Nganjuk, 27 Juli 2022

Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Mantap enaknya