Pati Ora Kenal Umur
Jumakir ngelus dada nalikane ana kabar kang lagi ora nyenengake ananging malah gawe nyesekke. Wingi awan Jumakir oleh kabar yen Mbok Yem tanggane kang wis gerah komplikasi suwe kapundhut dening Kang Maha Kuwasa.
Wingi sore Jumakir oleh kabar menawa kanca seprofesi kang isih ana jalur sadulur uga tinimbalan wangsul.
Esuk iki ana kabar maneh menawa salah sawijining putri seko kancane Jumakir kang lagi sakmuran karo putrine Jumakir uga wis ora ana.
Pancen pati ora kenal umur, embuh wis tuwo, isih enom opo malah isih anak2 yen wis dikersake karo Kang Sarwa Maha ora iso tinolak.
Jumakir mung iso dedonga mugo2 kabeh mau husnul khotimah lan keluwarga kang ditinggal diparingi kesabaran lan ketabahan.
Muntuk, 10 Januari 2020
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Leres Bapa
Njih, Matur nuwun ibu