Rembugan
Sore iki Jumadi lan Jumanto ana ing omahe Jumakir. Dheweke padha ngomongake kedadeyan wingi esuk lan kedadeyan wingi sore kang nggemparake.
"Wis krungu kabar wong mati wingi esuk durung kang?" pitakone Jumadi marang Jumakir lan Jumanto.
"Sing kobong neng daerah Kepek kae?" Jumanto nyaut pitakone Jumadi negesake apa kedadeyan kuwi sing dimaksud.
"Ho o, Kang. Jarene wong kesetrum, bener ora Kang?" Jumadi nerusake pitakone sinambi mbenakake anggone lungguh ing kursi ruang tamu corak kembang.
"Yen aku krungu, wong kuwi areng neng pantai. Maklum dheweke kan nelayan. Isih rada peteng mangkat kerja. Jebule neng ndalan ana kabel listrik nglambreh ing ndalan. Dhasare kahanan bengine bar udan deres, ing dalan akeh banyu kang megung." Jumakir nyoba ngomongake kabar kang dimangerteni.
"Banjur kepiye, Kir?" Jumadi melu penasaran.
"lha pas liwat nggon banyu kang ana kabel listrik kuwi mau banjur kesetrum. Motor lan wonge langsung kobong. Iki gambare." Jumakir duduhake gambar ing hapene marang Jumadi lan Jumanto.
"ketoke nganti padhang lagi konangan wong. Akhire ora ketulungan." Jumakir nerusake critane.
"Kuwi keno dinggo pelajaran kanggone awake dhewe supayane menawa mbesuke ana kabel nglambreh neng ndalan disingkiri lan enggal dilaporke petugase." Jumanto njupuk hikmahe seko kedadeyan kuwi mau.
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar