PRIYANDONO

PRIYANDONO, lahir di Rembang 16 Oktober 1969. Setelah lulus dari SPGN Rembang tahun 1988 melanjutkan ke IKIP PGRI Surabaya (sekarang UNIPA) juru...

Selengkapnya
Navigasi Web
Asma Kinarya Japa

Asma Kinarya Japa

Kanggone wong mancanegara, jeneng (asma) kuwi dianggep ora ana arti lan maknane apa-apa. Jeneng dianggep bab kang ora wigati amarga jeneng kuwi ora ana gegaguyutane karo pangkat lan drajate manungsa. Bab iki mathuk karo kandhane Pujangga Inggris, William Shakespeare ”What’s in a name? That which we call a rose. By any other name would smell as sweet”. Diwenehi jeneng apa wae iku padha. Saumpama dijenengi liya mawar iku tetep wangi gandane.

Ananging kanggone wong Jawa ora mengkono. Jeneng kuwi bab sing wigati banget. “Asma kinarya japa,” kandhane. Kaya ana sugesti, yen paring asma ora kena sembarangan. Amarga bab kuwi iso nuwuhake kadadeyan sing ora dikepingini. Keliru menehi jeneng dipercaya iso ndadekake urip sengsara. Mula saka kuwi para sepuh yen paring asma marang putra-putrine ora kena sakkarepe dhewe. Ana rituale dhewe nalika sapa wae sing arep paring asma yakuwi bancakan/slametan utawa donga bareng kanthi ngundhang tangga teparo.

Ganti jeneng iku bab kang lumrah tumrape wong Jawa. Upamane, ana bocah sing mulai lahir cenger lara-laraen, kapeksa jenenge diganti Slamet (= Selamat). Ana bocah sing lara, wis digolekake tamba rana rene ora waras-waras nganti arep temekaning pati. Nalika oleh tamba terus waras jenenge banjur diganti Urip (=Hidup). Ana uga wong tua sing duwe pangajab anake sehat, keker, lan kuat dijenengi Santoso. Lha sing arep-arep supaya uripe anake ora kakehan coba diwenehi jeneng Aman.

Ana uga kebiasaan ngganti jeneng sing ana gegayutane karo masalah strata sosial. Bocah lanang sing wis laki rabi lan utawa munggah pangkat sarta oleh bebungah jenenge diganti. Ana jeneng jeneng cilik lan jeneng gedhe . Tuladhane, Pangeran Diponegoro, nduweni jeneng cilik Ontowiryo. Sutawijaya, sawise oleh bebungah saka Sultan Hadiwijaya terus ngedegake Kasultanan Mataram. Nalika munggah pangkat dadi Sultan Mataram jenenge ganti dadi Panembahan Senopati. Semono uga Sultan Agung Hanyokrokusumo, jeneng asline yaiku RM. Rangsang.

Ora mung jenenge wong, menehi jeneng badan usaha uga ora kena serampangan. Jenenge badan usaha kudu mathuk karo sing dikarepake. Hotel Majapahit, upamane. Sing duwe hotel duwe karep supaya hotele kondang kaloka kajalandara kaya sing nate rengkuh dening kerajaan Majapahit. Ana uga sing paring jeneng usaha kelontonge Toko Lumintu. Pangajabe entuk bathi sithik gak masalah sing penting mili terus gak ana pedhote kaya dene banyu kali.

Kejaba saka iku timbalan kang aran Emak, Mbok, Biyung, Kang, Yuk, Pak Lik , Pak Wo , Pak Dhe, wis ora pati krungu amarga ora tau digawer. Timbalan kasebut dianggep kurang semanak maneh, gak gaul, lan mung nuduhake timbale wong cilik utawa wong sing ora duwe pangkat. Emak, Mbok, lan Biyung kerep dipadhakake karo tandur ning sawah utawa mepe karak Bapak kerep disejajarno karo ngarit utawa ngguyang kebo, sapi.

Lha Mama lan Papa, Mimi uga Papi kerep dipadhakake karo Shopping, mlaku-mlaku ning supermarket lan panggonan belanja sing wis moder. Mula saka kuwi bocah saiki wis emoh nimbali wong tuwane kanthi timbalan Emak, Mbok, lan bapak. Dheweke luwih seneng lan bombing atine yen nimbali wong tuwane kanthi timbalan Papa-Mama utawa Mimi-Pipi.

Kasunyatan kang kasebut ing dhuwur kuwi kejaba mergo jamane wis maju uga ana bab liya sing njalari, yaiku bab psikologis, yaiku ngupadi sapa sejati aku iki (proses mencari jatidiri). Saben manungsa ora bisa owal teka pros ngupadi awake dhewe. Amarga bab iku minangka bagian saka tugas perkembangan. Jati diri dudu bab sing diturunake kanthi lahiriah. Jati diri mesti “berproses”. Akeh bab sing iso njalari jati diri iku owah. Nuju sawijing dina, seneng utawa gak seneng, sadar utawa gak sadar, saben manungsa ning njero atine mesti takon sapa ta sejatine aku iki. Nah, nalika pitakonan iku ana ning njerone sirah, yaiku sejatine jati diri manungsa lagi “berproses”.

Miturut Sastrawan saka Universitas Surabaya Prof. Budi Darma, ana telung trap sing wigati babagan ngupadi sapa ta sejatining aku iki (jati diri) yaiku bayangan gelap, persona lan anima. Bayangan gelap yaiku nalika manungsa ora krasa lan ora ngrumangsani nyen lagi ngupadi sapa ta sejatine aku iki (jati diri). Persona yaiku solah bawa sing dikethokake ning ngarepe wong akeh kanthi dhelikna kasunyatan sing sak benere. Ing trap (tahap) iki sakbenenere manungsa iku wis ngerti sapa ta sejatine aku iki nanging “Aku sing Ego” dudu “Aku sing sakbenere”. Lha, anima yaiku kosokbaline ciri-ciri khusus sing ana gegayutane karo jenis kelamin (gender) sing dikaitake karo identitas lan perane manungsa ing madyaning urip bebrayan agung.

Saben individu bisa mangerteni sapa ta sejanine aku iki (Jatidiri) kanthi proses individuasi. Individuasi yaiku proses nalika individu mulai nyuda keterikatane marang kelompok sing njalari sudane ketaatan marang kelompoke, sahingga individu kasebut bisa ngrembaka dhewe owal saka kelompoke. Yen nganggo ukara sing seerhana individuasi iku “proses differensiasi”, pungkasan saka ngrembakane kapribaden individu sing misah lan beda karo liyane. Ana ing fase iki individuasi iki, individu wis bisa nyimpulake iki lho aku sing sakbenere. Aku sing sing sejati. Aku ya Aku, amarga Aku dudu wong liya. Lan Aku dadi Aku amarga ana bab kang njalari beda antarane Aku lan wong liya.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post