PURWAHYANTI

&nbs...

Selengkapnya
Navigasi Web

Geguritan

GURU PROFESIONAL

Profesional

Sertifikasi

Tunjanga n profesional

Kuwi tembung-tembung kang gawe bungah

Ananging ugo gawe susah

Bungah amarga arep nampa duit akeh

Kang gedhene padha karo gaji pokok

Susah amargo guru ora duwe keprigelan kang nyata

Mulang sakarepe dewe

Ora nganggo paugeran

Dadi menawa ana tembung supervisi atine deg-degan

Bingung olehe arep nuduhake keprofesionalismene

Kudune guru kang nyandang predikat profesional

Kudu luwih sregep

Anggone ngayahi tugas dadi guru

Nggulowenthah siswa kaya anake dhewe

Luwih gedhe tanggung jawabe marang kemajuan pendhidhikan.

Februari 2014

JANJI

Dalan kaya kali asat

Saben dino taklewati

Nganti tanganku gringgingen

Nyekeli setang motor scoopy sing daktresnani

Weteng kongklok saben dino

Kaya-kaya ora dirasa

Amarga kalah ning janji

Kang wis taktanda tangani

Naliko aku diangkat dadi guru

Siap makarya ing papan ngendi wae

Ing sajroning wilayah Indonesia

Dalan kang kaya kali asat

kang aben dino taklewati

Dadi seksi

Menawa aku ora cidro ing janji

Februari 2014

THOLE

Thole..............

Anakku sing bagus

Ibu arep tindak makarya

Aja nangis

Ben ibu tenang anggone makarya

Ngabdi maring negara

Majokake pendhidhikan kita

Supaya masyarakat Indonesia

Lantip ing pikir

Sopan ing tindak tanduk

Gumregah saiyeg saeka praya mbangun negara

Tundhuk maring paugeran

Taqwa maring kang gawe urip

Thole........

Ibu tresna kowe.....

Februari 2014

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post