Puspa Anggraheni

Biografi S. Puspa Anggraheni , Purbalingga I Purbayasa....

Selengkapnya
Navigasi Web

Gejoz

Gejoz

Wis ping pindho mbekayu ngarep umahku ngewei nyong gejoz. Nyong tembe teblug sekang mesjid dheweki ngirim gejoz.

Mbuh kepriwe gemiyen nyong koh seneng pol panganan sing rupane putih sekang budin dijenengi gejoz. Apa mergane pas digoreng muni jozzzzz deyan apa ya?

Nyong wis kondang kawentar neng tangga se RT lamona seneng gejoz. Bakul janganan ider saben esuk celuk-celuk," Bu ...gejoz..." kayong pada rame ngomongna gejoz.

Dong wingi nyong tuku koh digoreng ora teyeng mlendhung. Wis rupane putih, nyong icipi madan kecut. Kepriwe gie jere ya, deneng beda.

Isuke, bakul janganan celuk-celuk maning nawakna gejoz. Nyong gagean mbukak lawang trus protes. "Mbekayune...deneng gejoze ora teyeng coklat, putih bae kaya mayit, rasane kecut.

Bakule njawab, " Ya nyong ora mudheng yu, wong kulake ajeg koh". Ana batir sing semaur, " Angger atos, ora mlendhung tambahe kecut ya udu gejoz tapi golak".

Nyong mbatin, apa maning gie golak. Nyong sering krungu wong Banyumas sing sumpah" yakin golak gokin". Deneng siki mbalik dadi kembarane gejoz.

Nyong mikir ora entong-entong bahasa ngapak pancen joz kayong gejoz sing nyong dhemeni.

Aja padha ngguyu, nyong seneng gejoz. Wong seneng tuli ora ana alasane. Ora merga murahe, ora merga mlendhunge, apa maning kecute.

Wong sing dhemene burger, pizza, spageti ya nganah. Nyong tah dhemen gejoz. Ora ana obat pengawet tur maning mbuktekna yen nyong "Cinta Tanah Air" hehehe...apa iya cinta tanah air modal rong ewu perak olih telung bungkus busyet. Murahe pol bukti cinta nyong karo negara.

Alah mbueh sing penting melu ngapak-ngapak hihi

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Gejoz is the jozz.

14 Jul
Balas

Jozzz...senengnya nulis ngapak unik Jih Pak?

14 Jul

Ha ha ha inyong goli ngguyu nganti kemelen, nganti anakku takon, krnapa si bu? Ini bu puspa lg banyumasan, yakin gola gokin

14 Jul
Balas

Sudah lumayan bahasa ngapak sy kan?hihihi

14 Jul

Maen pisan yu puspa kiye. Yakin golak gokin wis ngapak pisan, nu efeke langganan gejozzz, lanjuuut..

15 Jul
Balas

Trmksih Pa Yuli...sy suka sekali gejoz...sukses dan barokah utk pak yuli aamiin.

15 Jul

mlendung apa mlendhung ?

14 Jul
Balas

Mlendhung hehe

14 Jul

Apik temenan, sanajan gejose kecut, tapi putih mlendung...di goreng juis munine

14 Jul
Balas

Hihihi...hiburan beneran nich bunda...semakin sukses dan bahagia selalu utk bunda Eti aamiin.

14 Jul

Alhamdulillaah bund, kabeh sekang ijine gustiallaah. Nalikane kon ketemu karo but puspa, ya ketemu, bagi2 ilmu.ketemu piyYi pinter2. Magurnuwun bun...

14 Jul
Balas

Sami2 mbekayu...brayan kangge damel kesaenan jih

26 Jul



search

New Post