Robingah, S.Pd.SD

Lahir di Banjarnegara, 21 Januari 1970. Bekerja sebagai guru sejak 1998 dan sekarang menjadi Kepala Sekolah di SDN Sukomangli Kec.Patean, Kab. Kendal, Jaw...

Selengkapnya
Navigasi Web

Melu-Melu

MELU-MELU

Oleh: Ruby

Dina Minggu, esuk-esuk uprek nang pedangan. Rampung olah-olah njur resik-resik sawernane. Bar kuwe, adus wungwung. Asli rasane seger temenan. Apa maning kringet sing gemrobyos wis ilang.

Kaya biasane, angger wis rampungan mesthi mbukak hape. Ya, saoran-orane niliki tulisane dhewek mbokan ana kanca sing perlu diwales komentare. Kejaba kuwe, uga perlu maca tulisane batir-batir sing padha sregep ngunggah karya. Ya, idhep-idhep karo padha dene kabar-kabaran liwat dunia maya. Silaturahim ning ora ketara merga ora secara nyata.

Mak jegagik, jebul ana kiriman video nang face book sing nandhani jenenge nyong. Barang tek bukak, temenan jebul isine geguritan akrostik anggitane guru kreatif sekang Ungaran kae. Jiaaaan isine le ngalem nganti kaya sundhul langit. Ora ngertia wong klambiku toli wis akeh sing padha sesek. Lha malah ditambahi sesek.

Ya wis ora apa-apa. Matur nuwun bae lah. Tandane bu guru sing gemrapyak tur pinter ngothak-ngathik ukara anu pedhuli karo kanca. Apa maning dheweke si ngakune anu agi karo sinau. Tek dhukung bae ya moga-moga tetep semangat tekan kapan wektune.

Bar kuwe terus maca-maca tulisan liyane. E...mbarang tekan coretane mbakyuku sing ayu lan sing seneng nglaras rindu njur aku nembe kelingan yen saiki wayahe padha guneman nang face book pribadi utawa MGI nganggo basa daerah.

Tulisane mbakyuku tek waca nganti rampung. Senenge kliling kebon karo nyawang tanduran klengkeng abang sing agi molai uwoh. Nganti kabeh wong diwanti-wanti ora olih methik sadurunge dheweke sing methik. Kaya kuwe njur kepriwe jal? Hahaha...inyong dadi cengar-cengir dhewek karo menthelengi foto klengkeng sing padha gumrandul nang pange.

Sawise maca critane mbekayu, inyong terus gagean bae melu-melu nulis nganggo basa Jawa mumpung idene agi metu. Senajan wis naun-naun uripe nang Kendal tapi anu nyong asline sekang daerah ngapak ya ora isin lah nguri-nguri basa daerah.

Sadar karo basane dhewek, kanggo tamba kangen karo sanak sedulur lan batir sing nang kampung kana njur nekad nutal-nutul nang hape nganggo basa penginyongan bae alias basa ngapak. Jere angger ora ngapak ora kepenak. Ya, wis lah aja dipoyoki ya. Awas lho, moyok mondhok. Hehehe...guyon. Dingapura bae ya padhane ora mudheng karo karepane nyong. Olih takon utawa nyandhing kamus angger ana.

Jane si kepengin ndongeng werna-werna tapi semene dhisit bae lah ngapake. Mbokan padha bingung sing maca li dadi melasi. Kewatire mbokan mengkone malah dadi tambah embuhlah. Hahaha....

Bilik Senyap, 13-03-2022

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Jan apik tenan crito boso jowone. Komenku nganggo boso jowo suroboyo yo bunda. Menawai kasar yo dimaklumi.

13 Mar
Balas

Alhamdulillah karya yang luar biasa, lanjutkan berbagi, salam sehat dan sukses selalu, Barokallah Bu Robingah

14 Mar
Balas

Jebul kedadeane sami kalian kula, Bu Ruby.. angsal jawilan saking Bunda Fair langsung cengir2 kesenengen.. hehehe.. Bu Kepsek, matur sembah nuwun ilmunya, saking seratan Njenengan kula bisa nambahi kosakata basa jawa.. salam sukses selalu, Bu..

13 Mar
Balas

Piyantun Jawa tengah dilawan he.he..sampai si Nyong yo melu metu..he.he..kocak, bu

14 Mar
Balas



search

New Post