Nagari Indonesia Pancen Suwargo Tenan
Tantangan Hari ke-54
# Tantangan Gurusiana
Nagari Indonesia Pancen Suwargo Tenan
Wayah adem, nalika salju mudun ana Eropa, Amerika Utara suhu tekan minus 40 derajat celsius, tegese kulkasmu isih luwih anget. Wektu kuwi wit-witan padha “mati” kajoba wit cemara. Wektu kuwi uga getihmu isa mandhek dadi es, nalika awakmu metu saka ngomah ora nganggo klambi anget. Wanci salju yaiku nalika manungsa nggolek slamete awak lan makarya sing isa dilakoni, ora bakal bisa mlaku tanpa ngganggo bantuan alat lan tehnologi. Tanpa iku kabeh manungsa bakal mati kademen utawa katisen.Lan ana siji mangso wektu salju dadi badai, jenenge “badai salju”, apa sing isa ditindhakake kanggo nylametke awake ben iso urip kajabo gawe papan khusus sing panas(pemanas ruangan).
Padang pasir, papan panggonan sing garing nganti manungsa sing manggon ana ing papan kuwi duwe pangangen-angen muga-muga ana kali sing mili kaya ana ing suwargo. Ora kabeh wit-witan isa urip ana ing suhu sak duwure 40 derajat celcius. Kringetmu isa-isa nguap bareng karo cairan awakmu. Lan banyu minangka mati uripe manungsa, lan dudu lengo sing dibutuhke.
Aku gumun, isik akeh sing ora percaya menawa negari Indonesia iku juwilane suwarga. Nek ora percaya mara cobanen nganggoa kathok cendak, kaos, sandal jepit terus mlaku-mlakua neng Kanada pas musim adem, utawa mlaku-mlaku neng padang pasir. Menthi bakal mati. Neng Indonesia negaramu iki lho, kapan, wektu apa wae, awan bengi, isa mlaku-mlaku tanpa sandalan nganggo kaos oblong, udan panas, slamet.
Neng Eropa, Amerika paling awakmu mung isa tuku woh,Apel, Anggur,Sunkist, lan Pear. Neng Timur Tengah anane, Kurma, Kismis, Kacang Arab, Zaitun, lan Tin. Neng Indonesia awakmu ora bakal saguh nyebutake kabeh saka woh-wohan, janganan, pala kapendem, pala kasimpar, pala gumantung, jenis kacang-kacangan, kembang, lan rempah-rempah, saking akehe mula awake dewe ora iso nyebutake. Durung maneh jenenge panganan nganti ora isa ngetung.
Neng Indonesia, awakmu bisa bebas ngrungoke pengajian, sholawatan, lonceng grejo, dangdut, koplo, konser rock, jazz, gamelan, ecrek-ecrek wong ngamen lan liya-liyane. Neng Eropa lan Timur Tengah ora bakal isa ngrungoke apa maneh nikmati paling isa ne ya mung nganggo head set. Aku iki mung nerusake tulisan saka kancaku tujuanku ben ora lali lan kanggo sedulurku kabeh muga-muga ora khianat karo Indonesia. Tulisane ngene Indonesia iku suwargane donya didelok saka sisi ngendi wae; wulu wetu (hasil bumi) , cuaca, wonge sing pinter-pinter, cerdas, lah sedulurane raket, budayane, tepo slirane, lan seneng guyonan panggonan wisata kang asri lan endah ora ana tandingane. Saumpana banyu segoro dadi tinta lan kanggo nulis mbok menawa ora bakal rampung lan ora cukup. Saking akehe kenikmatan anugrah saka Gusti Allah kang tumanduk marang bangsa Indonesia. Indonesia iki negari kakasihing Tuhan, menawa awakmu ora isa ngrumati, lan syukur, menawa jiwamu wis mati. Aja nganti surga iki hancur utawa rusak krana nefsu angkara, jaganen negaramu iki.
Minggu , 8 Maret 2020
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar