Rubiyatin

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web
WUWUR

WUWUR

" Yung kiye kumpulan rika arep nyuguh apa, Yung?" Sumi, takon maring biyunge, Nini Sariyem sing wis gisus nang ngarep pawon. Wiwit bubar subuh wis lagi ngingseni klongsongan kupat, jerene arep kanggonan kamplingan sing deanakna saben selapanan dina. Werna-werna pisan sing desiyapna.

"Ra sah werna-werna lah, gawe kupat, mendhowan, koci, kacang godhog, karo nggoreng gadhung bae," wangsulane nini Sariyem.

"Gawe opor apa soto, Yung?"

"Lah ora susah, kupat karo mendhowan bae wis cukup. Gawe opor apa soto ya tuku iwak ayam maning, seanane bae."

"Arep nganggo buwah apa ora, Yung ?"

"Ya nek ana ya ora papa."

"Mengko nyong pasar, tektukokna semangka bae ya, Yung."

"Ya, karo tuku tempe mendhowan karo kacang nggo degodhog, mengko putu lanang kon ngglepungna kono kidul"

"Gadhunge apa wis duwe, Yung?"

"Ana akeh kae, lah wingi degawani maning nang kakange.",

"Nyong tek pasar dhisit ya, Yung."

Sumi gageyan mangkat pasar, nini Sariyem ngrampungna gole ngingseni klongsongan kupat. Mbasa wis rampung dheweke banjur ngurubna pawon nggo nggodhog kupat. Dheweke uga nyambi nggoreng gadhung sing dewei nang anake mbarep sing manggon nang sejen desa.

Mbasa Sumi bali sekang pasar banjur ngrewangi biyunge sing wis rampung nggoreng gadhung. Eka anake sumi ya wis rampung nggone ngglepungna. Glepung banjur depepe nang latar ben cepet garing. Sumi ngadoni glepung ketan karo nggawe enten-enten nggo gawe koci, banjur ngepet godhong gedhang kluthuk nggo mbunteli koci. Kacange degodhog nang luweng ngarep.

Kabeh panganan sing garep nggo nyuguh dhayoh wis rampung degawe, genti mendhowan sing esih durung degoreng, niyate arep degoreng ndadak ben desuguhna esih anget.

Wayahe wis bubar ngisa, dhayoh-dhayoh sing akeh-akehe wong lanang wiwit padha teka. Wong wadonan sing bojone padha pahal nang kutha uga teka makili bojone. Wong-wong lanang padha njagong nang bale, sing wadon-wadon jagongan nang njero.

"Kiye toblosan bakalane rame ya, Yu," nini Simen mbukak rembugan.

"Iya jere, jagone pira, wolu apa krungu-krungu ya, Men," Nini Sutri sing semaur.

"Iya, jere."

"Kabare sapa bae, mbekayu Simen?" takone lik Marni.

"Sing wis rame tah, pak lurah maju bareng karo bu lurah, guru Imam, bau Sarjo, pak Parno, pak Sabar, Pak Mislam, karo pak Jumadi," nini Simen gole semaur.

"Nek cara rika arep milih sapa, Yu?" takone lik Sitar

"Lurah jaman siki mbok kabare debayar nang pemerentah, esih nampa bengkok seamban amban maning," kandhane lik Marni.

"Lah si seneng temen. Nek kaya kuwe ya aja padha gelem noblos nek ora ana wuwurane. Paling ora wong siji satus ewu" kandhane nini Sariyem.

"Iya, bener rika, Yu. Pokoke aja gelem noblos nek ora ana wuwurane," nini Silah sing mbeke njagong melu ngomong.

"Lah jagone wolu ya akeh temen ya," kandhane Yu Minah.

“Nek sing daftar lewih sekang lima toli mengkone detes dhisit yu. Mengko dejekot lima sing bijine paling maen, nembe deanakna toblosan," kandhane guru Jiwan sing nembe teka.

"Oh, dadi mengkone ya polpole jago lurah mung lima sing depilih ya, Ru," takon Lik Marni

"Iya, Yu. Lah kiye mengko jere, para balon lurah ya arep padha melu nekani kumpulan, arep njaluk donga pangestu," kandhane guru Jiman.

“Wah ngalamat rampunge jam rolas kiye,” omonge nini Silah.

Ngati jam setengah sanga wong-wong nembe padha kumpul. Kumpulan kamplingan njuran dewiwiti, deacarani nang Lasiman. Sawise ndonga, debanjurna neng Pak Jumali sing menehi penyuluhan babagan pilihan lurah.

“Sedulur-sedulur, sedhela maning neng desane dhewek arep deanakna pilihan lurah. Pilihan lurah siki ora padha karo sing uwis-uwis. Nek gemiyen, para calon lurah padha urunan nggo nganakna pilihan lurah, siki wis ora. Siki pilihan lurah dedanani neng pemerentah, dadi wis ora nana tarikan maning. Hebate maning, pilihan lurah siki, jagone sing kluruk wis ana sewelas. Ning sing wis dhaptar nembe telu, yakuwe guru Imam, Bau Sarjo karo pak Sabar. Sing wolu durung padha ndhaptar. Lah kudu dengerteni nang sedulur-sedulur kabeh, nek nang pilihan lurah siki ora olih ana wuwuran. dadi aja padha nggondheli prinsip ‘nek ora dewuwur, ora noblos’. Aja kaya kuwe. Kiye nggo nentokna nasibe dhewek, masa depane desane dhewek. Wong ana sing gelem ndhaptar bae wis beja. Wong dadi lurah toli sing depikirna werna-werna, ngurusi wong sedesa kuwe ora gampang, dadi ngesuk sedulur kabeh ya kudu noblos, milih lurah sing teyeng ngurusi wong sedesa, teyeng majokna desane dhewek. Siki ora jaman wuwur-wuwuran maning. Siki sing denggo kesadarane warga nang babagan demokrasi.”

“Niku jagone lurah nganti sewelas ya mengkone rame banget nggih, Pak Ju?” Kaki Sura takon maring pak Jumali.

“Sewelas kuwe kan esih balon utawa bakal calon, ning durung padha ndhaptar kiye Ki. Mengko upamane balone sing ndhaptar lewih sekang lima, deanakna tes, Ki. Mengko ana tim utawa panitiya sing nganakna. Upamane koh sing ndhaptar wolu ya mengko sing dejikot sekang seleksi lima thok, Ki. Dadi mbesuk sing munggah panggung nang lapangan ya mung wong lima, kuwe wis pol. Ora kena lewih,” semaure Pak Jumali.

“Berarti sing telu terus ora bisa njago, kaya kuwe apa, Pak Ju?” takone Kaki Wangsa.

“Sing telu ya ora bisa melu munggah panggung Ki, lah wong genah ora lulus gole tes. Mangga mbok ana sing arep takon maning, ben genah gamblang. Dadi padha ngerti kabeh aturane pilihan lurah jaman siki. Nah, pilihan lurahe ngesuk arep delaksanakna tanggal wolulas Pebruari. Pas tanggal kuwe ngesuk sing nganakna pilihan lurah debarengna sisan, sekabupaten ana 85 desa. Dadi kaya pilihan bupati karo gupernur sing nembe taun wingi deanakna, bareng-bareng,” omonge Pak Jumali.

“Kuwe mau, aja mung ngetutna prinsip ‘nek ora dewuwur ora gelem milih,’ mergane nek wis dewiwiti nganggo wuwuran ya ora beda nek dhewek wis nglatih warga karo pejabate korupsi. Ora wuwuran ora mergane jagone ora gelem muwur, ning pancen nang aturan sing ana siki ora ngolihna anane wuwuran, kenangapa? Merga lagi ndhidhik wargane milih kanthi cara demokratis. Ben padha pinter milih, apa maning ngesuk ya ngarepi pilihan presiden karo anggota dewan,” bacute Pak Jumali.

Wong-wong sing padha ngrungokna padha manthuk-manthuk, kaya mudheng-mudhenga karo apa sing deomongna nang Pak Jumali.

“Wis kiye, ora nana sing arep takon maning. Nek ora nana ya tek uwisi, gentenan. Kiye mergane Guru Imam, Pak Sabar karo Pak bau Sarjo ya rawuh, arep njaluk pangestu maring warga RT 1 RW 1 ngkene. Mangga pak balon-balon, sapa sing arep ngendikan ndhisit?” omonge pak Jumali.

Sekang rembugane balon telu sing nekani, desetujoni sing maju dewakili nang bau Sarjo..

“Kulanuwun, Bapak-Ibu warga RT 1 RW 1 desa Kalipetung, sedurunge nyong njaluk pangapura merga ngrusuhi nang kumpulan kamplingan RT ngkene. Nyong ketelon gole melu nekani kamplingan kiye merga arep njaluk donga pangestu maring warga ngkene. Kaya sing mau wis dengendikakna nang pak Jumali, nyong ketelon wis padha ndhaptar magang lurah maring panitiya pendhaptaran nang mbale desa. Mulane nyong karo Pak Sabar, Pak Imam arep njaluk donga pangestu maring warga RT 1 RW 1, ngkene. Gole nyong padha melu magang lurah mergane nyong padha kepengin desane dhewek ngkene dadi desa sing lewih maju, lewih makmur, pokoke lewih maen sekabehane. Nyong padha ndhaptar lurah ya ora saingan, wong gole mangkat ngurusi sarat-sarat meng kecamataan be mangkat bareng, boncengan montor. Dadi mengkone para warga ya ora susah padha tukaran, sing arep milih pak Sabar ya mangga, sing milih Pak Imam ya mangga, sing milih nyong utawa jago liyane ya ora papa, wong tujuwane jago-jago lurah kiye padha, majokna desa Kalipetung ngkene. Nyong ya arep ngajeki warga ngkene, mayuh padha milih calon-calon lurah sing ana, sapa baea sing depilih mangga, sapa baea sing dadi mengkone ya desengkuyung bareng-bareng. Nyong sing padha melu njago ya lila legawa, siap nampa apa bae kasile pilihan ngemben. Siap nyengkuyung sapa bae lurah sing dadi pilihane warga, siap nyengkuyung kasil dekmokrasi warga desa Kalipetung ngkene. Pungkasane, nyong makili para balon sing nang kene njaluk donga pangestu maring rika kabeh sing nekani kamplingan lan uga sing padha ora mangkat. Cukup semene menawane ana tembung-tembung sing gawe rika mrina utawa ora seneng, nyong njaluk pangapura maring rika padha. Maturnuwun.”

Wong-wong sing padha teka katon padha temenana gole ngrungokna. Ora ana sing krasak-krisik. Merga wektune wis ora sore maning, kamplingane debubarna. Sebageyan warga sing nekani wis padha bali. Para jago lan Pak Jumali uga wis melu pamitan. Genti wong lanangan tangga umah perekan sing esih jagongan karo Medi, anak lanange nini Sariyem sing lagi preinan nang ngkono.

“Mayar temen yah njago lurah jaman siki, ora prelu modal akeh. Ora nana wuwuran sih,” omongane kaki Sena.

“Iya jan, kepenak pisan. Ora modal, mbesuk nek dadi olih bengkok seamban-amban, esih nampa gaji sisan,” Lasiman semaur.

“Iya, nek kaya kuwe ya usah padha milih bae, wong ora nana wuwure,” omonge Lik Senon.

“Mangkat bae, mlebu meng tobong tapi aja detoblos kertase,” Sambudi ngimbuhi omongane kaki Senon.

“Mau mbok wis dekandhakna nang Pak Jumali, nek aturan sing siki ora ngolihna ana wuwuran,” omongane Medi.

“Lah ya ora rame lah, siki ngger saben jago aweh satus ewu, jago lima tolih olih mangatus ewu, marem gole mlebu tobong,” omongane Kaki Sena.

“Nek saben jago aweh satus ewu meng rika, rika arep milih sapa, Ki?” takone Sambudi

“Ya depilih kabeh, toblos kabeh lima-limane, ya Ki. Wong aweh satusan kabeh si, ora ana sing munjuli,” omonge Lasiman karo latah-latah.

“Nek saben endhas dewuwuri satus ewu, rika panen ya, Ki. Gone rika seumah sing milih wong lima, ya gole rika olihe rong juta mangatus,” Medi ngeleg-elegi kaki Sena. Krungu omongan kuwe sing padha jagongan padha ngguyu latah-latah, ora keri Kaki Sena melu ngguyu latah amba pisan mamerna untune sing wis entong mung kari

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Dari foto yang ada sepertinya tulisannya bagus. tapi sayang saya tak bisa baca tulisannya. salam bahagia dan selalu bunda.

16 Apr
Balas



search

New Post