SADIMIN WONG BREBES

SADIMIN, adalah anak desa yang lahir di Boyolali tanggal 6 Desember 1972, dari seorang Ibu yang bernama Tukirah (alm) dan seorang Bapak yang bernama Mitro Sudar...

Selengkapnya
Navigasi Web
PAMBAGYA HARJA SAAT GUBERNUR MENGAJAR

PAMBAGYA HARJA SAAT GUBERNUR MENGAJAR

Assalaamu’alaikum Wr. Wb.

Kanthi linambaran pepayung budi rahayu saderengipun sumangga kula derekaken atur Puji Syukur wonten ngarsanipun Allah SWT, ingkang sampun kepareng paring gesang, kasarasan lan kamulyan gumelaring alam agesang wonten madyaning bebrayan agung Katitik Rahayu Sagung Dumedi, tangsah kajiwa lan kasalira dhumateng kula lan panjenengan sedaya. Mugi menika dados srana lestarinipun Negeri Kesatuan Republik Indonesia ingkang lilandesan UUD 1945 (sewu sangang atus sekawan ndoso gangsal) adedasar Pancasila kaiket sesanti Bhineka Tunggal Ika Tan Hana Darma Mangrua.

Bp. Gubernur ingkang minulya, kula minangka pangarsaning brayat agung minulya, pawiyatan SMA 2 Brebes, ngaturaken pambagya harja sugeng rawuh miwah, bagya mulya ingkang tanpa pepindhan. Kadya kajugrukan wukir nugraha karoban samodraning madu, dene kanugrahan menika ujubipun Bp. Gubernur ingkang sampun kepareng rawuh salajengipun ing mangke, bade paring pandadaran tumrap para siswa putra lan putri pawiyatan SMA 2 Brebes. Bebasane kadya curiga manjing rangka, pangarsa pangawak jalma. Mununggaling kawula Gusti, pangarsa lan kawulane. Bisa manjing ajur ajer, asih asuh asah. Kadya Bima Suci duk ing nguni paring pandadaran para siswane ing Pertapan Arga Kelasa.

Bapak gubernur, siswo pawiyatan sma 2 brebes, sameniko gunggungipun 882 (wolungatus wolung ndoso kalih) ingkang nderek adicoro sameniko antawis 200 (kalih atus) siswa. Saklajengipun sumangga Bp. Gubernur anggenipun paring piwulang utawi anggladhi para siswa lan siswi. Mugi purwa madya lan wasana kalis ing rubeda nir ing sambekala, kula namung saget ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan konjug dateng Bp. Gubernur.

Para rawuh ingkang tansah winengku ing suka basuki, makaten ingkang saget kula aturaken hambok bilih anggen kula matur wonten tembung saklimah tindak sapecak ingkang mboten nuju prana dateng panggalih panjenengan. Kula, namung jalma sawantah ingkang mboten saget kalis ing kalepatan pramila “Jalma Limpat Seprapat Tamat Muncar Pinda Inten” menawi anggen kula matur lepat kersaa paring pengampunten nuwun.

Wassalaamu’alaikum Wr. Wb.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post