Sending Ewang
1. Kaki Panjul karo Kang Bagol kentongan banyu ngumbe pas panas banget agi macul nang sawah. Ujug – ujug kaki Gendon liwat anu arep bali ngumah karo nggawa ceret sing isine banyu ngumbe gari segelas. Lhaa bareng banyu segelas kuwe diwehna meng kang Bagol koh diumbe kabeh...yaa kebangeten banget. Wong kaki Panjul sing ngelak butuh banget ngumbe koh blas ora diwei setetes tetesa. Kiye jenenge wong sing ora duwe ati lan rasa, ora gelem sending ewang.
2. Jontor anake Cepet umahe nang pinggir mushola. Montore Jontor knalpote dibobok. Mben ndina nek liwat ngarep umah lan dalan endi bae marakna wong pada sengkil kremud-kremud sirahe karo dreg-udreg drug-gedrug jantunge sebab kaget. Apamaning nek nyetater montore mesti suwe lan di gas breeet breeet brooot broot brooot... ngoeeeng ngeeeeng ngoooeeeeng... Sing paling nglaknati malah ngger pas adzan maghrib seringe montor bobokan kuwe ngepasi arep lunga apa pas bali mbuh kan endi..karo ngegas ngegas bolak balik braaat breeeet brooot..... Whaduuhhh wong tuane ya kayane bangga duwe anak mursal kaya kue. Angudzubillah mindzaliik... blas ora gelem sending ewang.
3. Raden Mas Bei dadi Lurah nang kota. Wonge ketone sumeh luwes lan kewes. Apa-apa ngerti lan bisa, asring aweh pitutur maen mulane akeh sing pada kesengsem. Raden Mas Bei uga asring nggo jujugan kunjungan wong-wong gedhe lan penting. Mulane asring majang poto-poto karo pejabat utawa wong-wong hebat. Kayane merga saking sibuke kadang-kadang ora kober ngurusi sing menurute ora penting. Misale, ngumumaken kanca-kanca lurah kon ngumpul nang kota kon nemoni pak Camat, ning ora jelas wektune. Ditakoni nganah ngeneh nang lurah-lurah liyane kumpulane jam pira ya ora ana wangsulan. Bareng wis sore ngumumna maning lurah-lurah kon kumpul...yaa ora njelasna jam pirane. Lhaa bareng lurah-lurah pada kedagar dagar ngumpul menganah..eeeh camate wis tindakan.. padahal camate wis nang nggon kumpulan awit jam sewelas... Akhire lurah lurah liyane kon ketemu ngesuk maning... Mbok iyao, jere salah sijining Lurah, sending ewang laah, apa sih susahe brayan... njawab jam pira utawa ancer-ancer wektune ben aja pada nelangsa kaya wong ora ana gunane diombang ambingna...
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Maaf edisi bahasa daerahnya tiap hari Sabtu pak