Siti Masruroh, S.Pd.I

lulus dari salah satu perguruan tinggi yang ada di jember, STAIN Jember pada tahun 2004, sebagai guru mata pelajaran Akidah Akhlak di MAN 4 Banyuwangi, sebagai ...

Selengkapnya
Navigasi Web

PENGGAWEAN ORA ONO ENTEK E (Tantangan hari ke 20 )TantanganGurusiana

Dino minggu kebiasaane wong-wong iku liburan, tapi iku kan kanggone wong seng ra ono penggawean nang omah..,tapi kanggone wong seng ono penggawean, dino minggu iku malah kesempatan ngrampongne penggawean seng ra onok entek e. Mulai isuk tangi turu seng di candak urusan weteng, awan sitik resik-resik njero omah lan jobo omah, urong mari teko sakmono isek ono penggawean lian-liane, tapi masio ngono ora usah di getuni, wong urep kan pancen ngono iku, golek penggawean he he..

Iku kabeh pancen wes dadi garise urep, makane pas nglakoni penggawean yo kudu di niati ibadah tur ikhlas, supoyo opo? Supoyo opo seng dadi asile penggawean iku barokah lan manfaati. Opo maneh musim ngene iki, saiki kan musime virus corona mrembet tekan ngendi-ngendi, dadi di nikmati wae penggawean seng di lakoni nang omah lan di jupok hikmah e, selama masane karantina iki durung mari.

Biasane awek dewe megawene kan neng jobo omah, saiki kerono ono seruan kudu akeh-akeh neng jero omah wae, dadi penggawean seng ra ono entek e iku, yo di lakoni semangat tur seneng, seng dadi guru biasane nguwek i kaweroh neng bocah-bocah murit langsung ketemu neng sekolahan, saiki cukup di lakoni tekan omah nganggo fasilitas seng wes ono yoiku internet.

Karo internet sembarang urusan dadi gampang, masio to penggawean akeh tur ora mari-mari, rasane koyo ringan, poro bapak ibu guru tetep nglaksanakne tugase, bocah-bocah murit yo iso tetep nrimo hak e yoiku entok pelajaran teko bapak ibu guru.

Terus hikmah e opo seng iso di jupok? Kerono megawene tekan omah, dadi iso kumpol karo keluarga, iku hikmah seng bener-bener iso di rasakne. biasane mulai isuk wes ribet kabeh, podo budal dewe-dewe neng nggon penggaweane.

Makane penggawean seng ra ono entek i iki kudune iso gawe awak dadi malah tambah sehat, mergo awak iso gerak terus, terus iso ngraketne hubungan keluarga, saklione iku kudu iso ningkatne roso syukur deneng ngarsane gusti Alloh Swt, kerono iseh iso ngrasakne nikmat e.

Nulis boso jowo, dino minggu mulok

Mugo dadi wong jowo sing iso njawani. Amiin

Pangapunten.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post