Siti Nur Wiqoyati

Wiqoyati adalah seorang perempuan dari Magelang Jateng. Meniru bapaknya, berprofesi sebagai guru. Saat ini mendapat tambahan tugas tambahan sebagai Kepala Sekol...

Selengkapnya
Navigasi Web

Opo Tumon?

Dina Rebo tanggal telu Mei 2018 wingi ana kabar dene ing Mertoyudan Magelang kedaden kacilakan. Trek tronton saka arah Jogja ujug -ujug nglompati wates dalan banjur nabrak rong pit montor sing mlaku saka arah Semarang. Sing siji nitih Honda Beat, sijine nitih Vario. Inna lillaahi wainna ilaihi rooji'uuun. Wong loro sing nitih pit montor mau sanalika seda.

Saka KTP kang katemokake ing agemane korban, kawaca identitase. Sing siji piyayi saka Jogja, asma Robiansyah yuswa 30 tahun. Dene sijine asma Suharto saka Magelang yuswa sewidak tahun.

Sawise diupakara sacukupe ing salah sijining rumah sakit ing Magelang, jenazah loro mau ditumpakake ambulans lan diterake menyang daleme dhewe - dhewe.

Tekan daleme, jenazah kasambut udan tangise sanak kadang lan tangga teparo. Jenazah kapapanake ing ruang tamu, banjur disholatake. Sanak kadang sing daleme adoh padha dikabari lan langsung tata - tata arep mudhik takziah.

Lha salah siji tanggane Pak Suharto ana sing ada - ada mbukak kafane jenazah. Dheweke kaget, banjur clathu yen kuwi dudu Pak Suharto. Pasuryane, rikmane lan dedege ora memper karo Pak Suharto. Kluwargane langsung ngebel Pak Suharto. Panjenengane jebul isih sugeng, tekan Salaman Magelang. Awit Selasa, Panjenengane rombongan karo kanca kancane mancing ing waduk Wadhaslintang.

Pak Suharto langsung kondur. Tekan daleme sing isih ana layone lan akeh tamu, sanalika disikep garwa lan sanak kadange. Udan tangis maneh, nanging saiki udan tangis bungah lan syukur. Pak Suharto banjur mirsani layon. Jebule kuwi jenazahe Pak Joko, tangga desa sing asring dolan menyang daleme Pak Suharto. Karo - karone padha dene Pengurus Pensiunan BRI, mula memper yen fotocopy KTPne Pak Suharto kaasta Pak Joko. Mbokmenawa KTPne Pak Joko dhewe malah keri ing daleme. Jam wolu bengi, jenazah Pak Joko kaasta kondur kluwargane.

Ana - ana wae. Kanca raket temenan. Awit sugeng nganti wis dadi layon wae seneng dolan ing daleme kancane.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Hehehe... Senajan kabar sedane Pak Suharto jebul hoax, nanging malah akeh sing seneng...

06 May
Balas

Ya Pak Edi, geli - geli horor tapi endingnya menyenangkan.

06 May
Balas



search

New Post