Sokhibul Ikhsan

Sokhibul Ikhsan...

Selengkapnya
Navigasi Web
SAGUSABU DALAM BAHASA JAWA BANYUMASAN

SAGUSABU DALAM BAHASA JAWA BANYUMASAN

Sokhibul Ikhsan, S.Ag., M.Pd.

NGGUGAH SEMANGAT LITERASI GURU NGANGGO

GERAKAN “SAGUSABU”

Tembung literasi kuwe asale sekang basa Latin literatus sing artine wong sing sinau. Miturut basa Indonesia, tembung literasi umume dimaknani keprigelan pribadi anggone ngolah lan mahami informasi wektu maca utawa nulis. Literasi kuwe ora mung keprigelan maca-nulis thok, literasi uga ora ucul sekang keprigelan basa, yakuwe ngelmu basa tulis lan lesan sing mbutuhna keprigelan kognitif, ngelmu genre lan kultur.

Gerakan Nasional literasi neng Indonesia wis digembor-gemborna neng Kementerian Pendidikan lan Kebudayaan sing diatur neng Permendikbud Nomer 23 tahun 2015 babagan budhi pekerti. Program literasi diarani gerakan sebabe program kiye udu program nggo cepetan utawa wektu cendhek, ningen program kiye nggo wektu sing suwe utawa dawa, sing kudu terus nyambung aja kosi mandheg nek literasi urung dadi budaya neng Indonesia. Kejaba kuwe literasi diarani gerakan sebab programe mbutuhna wong-wong sing gelem terus gerak lan nduweni tekad nggo mbumikna budaya literasi neng Indonesia, khususe neng lingkungan sekolahan.

Sokhibul Ikhsan, (biasa deceluk Pak Sokhib), guru SMP Negeri 2 Rawalo Kabupaten Banyumas, senajan alon-alon dheweke wis molai ndhukung lan mraktekna anane gerakan literasi, khususe nggo para guru. Dheweke nggugah semangat literasi guru nganggo gerakan Sagusabu sing wis dicanangna neng Direktorat Jenderal Guru dan Tenaga Kependidikan Kemendikbud. Sagusabu kuwe cekakan sekang tembung satu guru satu buku. Tembung kuwe ngemu karep supayane para guru ora mung seneng maca thok, nanging ya debisa lan seneng nulis nganti dadi buku.

Pak Sokhib, dhasare seneng nulis, seneng melu pelatihan-pelatihan nulis artikel lan nulis buku sing dianakna neng penerbit. Alhamdulillah siki wis bisa nulis lan gawe buku 4 cacahe, sing 1 wis ana ISBN-ne, sing 3 urung. Buku sing wis ana ISBN-ne judule Meraih Sukses Ujian Sekolah Berstandar Nasional (USBN) Pendidikan Agama Islam untuk SMP, sing isine kumpulan paket latihan soal-soal USBN PAI nggo bocah SMP kelas IX, sing wis de-launching-na rikala dina Rebo tanggal 2 Mei 2018 bareng karo pengetan dina Pendidikan Nasional tingkat Provinsi Jawa Tengah sing dipusatna neng Kabupaten Banjarnegara.

Jere Pak Sokhib, nulis buku kuwe asik, apamaning nek nulise nganti dadi buku, jan neng ati rasane marem. Ora mung kuwe thok, keuntungane maning, nek bukune dicetak neng penerbit kuwe bisa nggo penilaian angka kredit (khususe PNS). Nek dicetak penerbit urung ana ISBN-ne nile-ne 1,5, nek dicetak penerbit wis ana ISBN-ne nile-ne 2. Apamaning nek bukune didol laris, kuwe ya bisa nggo tambah-tambah penghasilan keluarga. Nulis utawa gawe buku kuwe ya bisa nggo srana mulang lan aweh ngelmu maring masyarakat, sing cara neng agama Islam kuwe bisa dadi ngelmu sing mamfangat, sing ganjarane bakal mili terus senajan sing nulis wis ninggal.

Wis pendheke, nulis utawa gawe buku kuwe ora nana rugine. Mulane sedulur kabeh khususe para guru, ayuh pada nyuksesna gerakan Sagusabu. Pada niat lan nekadna ati nulis utawa gawe buku seora-orane 1 guru 1 buku. Nek gerakan kiye kasil, Insya Allah Indonesia dadi bangsa sing tambah maju lan pinter, Amin. (Sokhibul Ikhsan-Alumni Sagusabu Banjarnegara Angkatan I).

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Salam kagem Bu Sumiyati Ikhsan njih Pak...

14 Mar
Balas

Oh nggih, sampun kulo aturaken niki, nmbe wangsul

14 Mar



search

New Post