Sri Indarti

Lahir di kota Kendal Jawa Tengah, Mengajar di SDN 5 Krajankulon, Kaliwungu, Kendal, Jawa Tengah...

Selengkapnya
Navigasi Web
Cecak Kecemplung Lenga

Cecak Kecemplung Lenga

#Tantangan hari ke- 333

Cecak Kecemplung Lenga

We lhadalah, Yu Surti awit mau pijer riwa-riwi mlebu metu ngomah kaya pitik lagi memeti. Ora dhuwe perasaan babar blas, yen jubine lagi wae bubar dipel karo Kang Parjo bojone. Jubine wae isih ngumes durung garing tenan, nanging Yu Surti liwat tanpa nyopot sandal. Dadi tipake sandal Yu Surti kethok banget reged. Sak bare liwat mengarep maneh, Yu Surti banjur lungguh ing kursi sing ana tritisan. Sedhelok-sedhelok karo ngingeti jam ing tangane. Yu Surti banjur ngetokake hapene seka njero tas, terus tangane ngobahke layar lan ndudal-ndudul hapene. Sak wetara ara ana balesan saka sing di telpon, akhire Yu Surti nglebokake hapene maneh ing njero tas.

Kang Parjo sing entes nyirami tanduran ngarep omah, gumun nyawang bojone sing wis dandan therok-therok karo nganggo klambi anyar. Alise sing biasane ora ana, saiki digambari kayak dalan sing munggah gunung dawa lan nyengkrak. Nggon pipine karo ndhuwur mripate digambari abang ijo koyo lampu setopan ing pinggir ndalan. Sing ndadekake gumun maneh Yu Surti nganggo sandal jinjit dhuwur. Padahan sak bubare kesleo, Yu Surti kapok wegah nganggo sandal jinjit maneh.

“Arep ning ndi to Bu, kok dandan kayak arep main kethoprak?” Pitakone Kang Parjo marang Yu Surti.

“Ada deh,beri tahu nggak ya?” wangusulane Yu Surti karo mesam-mesem kemayu.

“Arep diajak Bu RT kondangan ning nggone Bu Lurah,”kandhane Yu Surti.

“Lho, apa ora sesuk Senen tho undhangane?” kandhane Kang Parjo.

“Ning endi wae panggonane yen mantu resepsi gedhen-gedhen kuwi yo mesthi dina Minggu tho Pak, “ wangsulane Yu Surti karo tangane rogoh-rogoh tas.

“Jajal dideloki maneh undhangane!” Prentahe Kang Parjo.

“Lha iki apa lagi tak goleki surat undhangane, “kandhane Yu Surti tangan karo nggoleki undhangane ing njero tas.

Sak bubare ketemu sing digoleki, Yu Surti banjur maca undhangane.

Lhadalah, tibake sesok Pak, terus piye ki, aku tiwas wis dandan,”kandhane Yu Surti karo mbuang surat undhangane.

“Ya, cecak kecemplung lengo, “kandhane Kang Parjo mbeda bojone.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post