Sri Suryana Dwi Atmaka

Sri Suryana Dwi Atmaka seorang guru di Madrasah Aliyah Negeri Temanggung. Meskipun mengajar keterampilan dan prakarya, kecintaan terhadap tulis menulis dan pene...

Selengkapnya
Navigasi Web

MBALUNG SUMSUM

Mbalung Sumsum

____

Dening

Sri Suryana Dwi Atmaka

___

Owah gingsiring jaman kudu bisa dilakoni kanthi tumemen. Ana kang susah nanging uga ana kang bungah. Iku mau kabèh dadi bumbune pagesangan. Pancen warna-warna sing kudu bisa dilakoni kanggoning bebrayan agung. Apa maneh dadi guru ing jaman saiki, ora mung kudu pinter anggone ngajar siswa. Wasis nyawisake kawruh lan kaprigelan. Nanging kudu uga bisa ndidik, mbangun pokali tindak-tanduke para siswa bisa sansaya becik.

Malah kepara ing jaman kang lumaku iki, para guru uga ka tambahan sampur bisa dadi administrator lan operator. I tegese guru kudu prigel anggone nata samukawis bab-bab sing kudu ditata kanti setiti ngati-ati kepara tirik tirik banget. Kabeh mau banjur bisa disimpen lan bisa dilaporake. Guru uga dadi operator jalaran saiki kudu bisa nglakoake lan nggunakke teknologi. Saiki jaman wis maju, mulang wae ora cukup mung kanthi buku, guru kudu bener-bener pinter lan bisa nglakokaké komputer.

Pancen jaman kemajuan, saiki pakaryan guru dadi rebutan. Guru saiki minangka pakaryan profesi, ora baen baen, wis seje dibanding jaman biyen. Senadyan setumpuk gunung bot repoting ayahan kang kudu dirampungake, nanging kudu tetep nduweni greget. Semangat mau kudu tulus mbalung sumsum, seka raga tekaning nyawa. Mulane dadi guru, kudu bisa nglakoni profesi iki kanti tulus nyawiji tembus tekan ing ati sanubari.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post