Layang kanggo Anak-anakku kang Banget Tak Tresnani
# Tagur Hari ke-267
Thole, anakku sing bagus dhewe lan gendhuk, cah ayu moblong-moblong. Tinimbang ngelamun utawa dolanan sing ora migunani, ayo crita-critaan karo Bu Guru.
Nang madrasahmu saiki utawa nalika TK, SD, utawa MI mbiyen, kan mesthi ana sawijining guru kang cedhak banget utawa njangget ning atimu. Istilahe, guru kuwi guru idolamu. Lha, mesthi guru kuwi nduweni kelebihan. Coba critakna kelebihane guru kuwi. Uga critakna kabeh pengalamanmu nalika dadi muride.
Yen critamu wis rampung, kirimen ning blog Sasisabu. Banjur lebokna nang link lomba bulan iki. Yen isih bingung, sampean oleh takon nang kanca sing wis biasa menang lomba utawa nang Bu Guru. Ra sah isin-isin ya? Lha wong iki pakaryan kang halal.
Elinga ya, Cah. Madrasahe dhewe iki wis telung sasi, terus-terusan dadi kontributor terbesar ing MediaGuru. Yen sasi wingi ana 58 sing menang, sasi iki ya kudu luwih akeh. Semangat ya, Nak? Nulis iki sawijining keterampilan dhasar sing kudu sampean asah. Bu Guru yakin banget sampean mesthi bisa dadi juara. Ayo, nyerat bareng Bu Guru.
Oh, ya Bu Guru kok meh lali. Tulisanmu nganggo Bahasa Indonesia lho. Pesen iki sengaja tak tulis nganggo Basa Jawa amarga saiki pas dina Minggu. Pendhak dina Minggu Bu Yuni belajar nulis nganggo Basa Jawa. Ngiras-ngirus nguri-uri kabudhayan Jawi, ben gak punah. Wis, gek ndang nulis!
***
Kampung Asa, 7 November 2022
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar