St. Muanifah

MI Negeri 3 Banyuwangi...

Selengkapnya
Navigasi Web
Mikul Dhuwur Mendhem Jeru

Mikul Dhuwur Mendhem Jeru

#TantanganGurusiana

#Tantangan Menulis 60 Hari (part 31)

Inna lillahi wa inna ilaihi raajiuun. Allahummaghfirlaha warkhamha wa ‘aafihi wa’fuanha, injing sekinten jam 03.00 Wib, Sabtu, 15 Pebruari 2020,, biyung marasepah kapundhut dateng ngarsaning gusti kang Maha Murbeng, sedaya kaluwarga saking kula sami kaget saweg mireng warta ingkang nrenyuhaken. Mugi almarhumah khusnul khatimah, aamiin.

Mung agawe lega atiku, sore sakdurunge si mbok maratuwa kapundhut bali menyang kang Maha Kuasa, aku lan sisihanku sambang, uga sempat maos al-Quran, supadasa ķepenak lampahe menawi sampun dipun kersaaken wangsul dateng ngarsanipun gusti.

Injing-injing sekinten jam gangsal, kula ugi kaluwarga tata-tata ingkang badhe ta’ziyah, kang raga sampun lumampah rumiyin, keranten biyung utawa si mbok sageto enggal dipun rimat, namine tiyang estri tata-tata mboten cekap sekedhap, pukul 06.00 luwih kula lan keluwarga, inggih meniko, ibu, mbakyu-mbakyu, ponaan, putu, sami mlampah ta’ziyah, kendel dateng Madrasah saperlu ceklok rumiyin, kranten sanes dinten preian.

Sak sampunipun ceklok, kula lan kaluwarga datengaken lampah, ingkang kula setiri piyambak, antawis mlampah setengah jam, nyampe dateng dalem marasepah ingkang sampun kathah tiyang ta’ziyah. Alhamdulillah dipun rimat sesami lan sederek kathah.

Dipun suceni sampun, lajeng tiga putranipun, ugi kang raga ngangkat jasadipun biyung, saperlu dipun kafani, kula inggih nderek ngafani saperlu pengurmatan ingkang pungkasan. Emut mawon rikala tesih sehat, badan lemo ingkang ngayemaken putra putrinipun, benten kaliyan sakmeniko ingkang telas badane, Gusti mugi panjenengan trami amal saenipun lan ngapunten sedaya kelepatanipun.

Tirosipun piantun sepuh-sepuh, kados punapa kahanan tiyang sepuh dateng putra putrinipun, tetepa kang putra “Mikul dhuwur, mendhem jeru,” kanti maksud, mikul dhuwur ; kedaho kang putra tansah tumindak sae dateng tiyang sepuhipun, masia wancikala mboten nyeceki dateng manah. Mendhem jeru ; menawi wonten wadi tiyang sepuh, mboten usah diudhal kalihan piyantun lintu, tetep kewajiban kang putra anutupi kanti rapet.

Kirang langkung pukul stengah sedasa pamit wangsul rumiyin, kranten ibu lan mbakyu inggih sampun dangu anggenipun ta’ziyah, sak sampunipun dugi griya malih, kula mlampah malih dateng Madrasah, keranten tesih wonten jam mulang lare-lare.

Shalat Duhur dateng Madrasah, ngaos sekedap nuli wangsul dateng marasepah malih, jawah deres sanget sakdawanipun margi, emut bakso lan es buah langganan, kendel riyin dateng baksoan damel anget-anget, ingkang kahanan tesih jawah sanget.

Dalunipun, ba’da maghrib dipun ngaosaken saperlu ngirim dunga, tetep ikhtiar, bektinipun putra dateng tiyang sepuh, undangan sami rawuh, lajeng pengaosan dipun milai, sak sampunipun pengaosan, sak antawis kula kalih kang raga nyuwun pamit wangsul rumiyin.

Mugi wonten manfaatipun

Salam Literasi!

The Sunrise of Java

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post