NGURI-NGURI BUDOYO JOWO
#Tantangan Hari Ke-548
# Oleh Sudjianto
//
Dino iki, Sabtu, tepak tanggal kaping wolulas ing wulan Juni tahun 2022 (rong ewu rolikur). Kanggone aku dino iki lumrah koyo dene dino-dino sing liyane.
Ananging kanggone keponakanku, dino iki duweni catatan spesial ing sajroning nguripe. Diarani nduweni catatan spesial mesthi wae ono sing bakal dadi cerito.
Suweerr, temenan ora luput babar pisan. Amargo dino Sabtu iki dewekke bakal dilamar dening priyo sing dadi pujaan atine. Priyo sing bakal nglamar iku dikenal lewat komunitas pengajian.
Kanggo nguri-nguri tradisi utowo budaya yaiku khususe budaya Jawa, bakal dianakke upacara. Upocoro adat iku disetting dening pranotocoro lokal.sDigambarake wektu iku, ono kerawuhan tamu. Tamu dudu sembarang tamu, ananging serombongan tamu, sing bakal nembung putrine sedulurku tuwo. Lumantar talanging basa yaiku Bapak Samsul Huda, ngaturake niat lan tujuan kerawuhane.
Sakwise ono dialog ing antarane calon keluargo Surabaya lan calon keluarga Malang disepakati anggone adqunikah. Perwakilan keluargo nyepakati anggone adqunikah bakal dilaksanakakke ing dino sabtu tanggal 2 Juli 2022.
Ing dino sabtu iku ugo bakal dilangsungake resepsi pernikahan antarane calon mempelai kakung kang asmane Miftahul Hasan karo calon mempelai putri sing asmo Fridyna Intan Ramadhani. Insya Alloh, respesi bakal manggon ing Resto Kantri iing Mondoroko, Singosari, kutho Malang.
Kanthi nenuwun mring Gusti Kang Agawe Jodho, poro undangan diajak dedongo. Donga sing khusus kanggo calon mempelai ugo calon keluarga besar iku sing dipimpin Kyai Samsul Muarif.
**Kutho Malang, Sabtu Kliwon, 18 Juni 2022
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Mantap