Udan Salah Mangsa (Pepeling Gusti)#Tantangangurusiana hari ke 38
Pepeling Gusti mring kita sami :
Februari kang wus candra
Rongewu rongpuluh warsa tumeka
Cingak, kagyat dadya uninga
Pralampita udan salah mangsa
Maruta,nyempyok tetuwuhan sigra
Binarung gludug,munya manuhara
Mayuta tirta dhumawah bantala
Banjir bandhang,tan bisa sulaya
Punjer prakara agawe dhuhkita
Udan riwis,ora uwis – uwis,nggawa tangis
Akeh kedadean kang agawe miris
Maksiat,durjana ndadra,manungsa tumindak wengis
Nyahak karsaning Gusti,ngrampas raja pati
Udane wus salah mangsa
Manungsa padha kelangan rasa pangrasa
Wulangan becik,gumanti tindak nistha,
Nyingkur agama,ngumbar nepsu angkara
Cidra ing janji,ngundhuh wohing pakarti
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar