Kegiatan ing Dina Minggu
Kegiatan ing Dina Minggu
#Tantangan kaping 72
Dina Minggu kudune Dina kang digawe golek hiburan kaya mlaku-mlaku ambek keluarga, ndeleng pemandangan sing apik-apik lan lian-liane.
Nanging dina Minggu kok tambah repot. Mulai tangi turu mari shubuh budal menyang pasar. Ana pasar sing dituku akeh banget, kaya kebutuhan sedina-dina lan kebutuhan warung. Masak, umbah-umbah, nyiapno kebutuhan warung, nggae sambel ote-Ote, nyetliko, kora-kora, ngepel, nglepiti klambi. Yen Dina Minggu awak Iki rasane koyok dadi pembantu. Penggawean tambah akeh. Terus Kate njagakno sopo, ancen dadi wong wadon Yo kudu gelem ngurusi urusan omah. Penggaweane wong wadon iku dobel Yo ngurusi omah, Yo ngurusi penggawean ing sekolah.
Mulane nek ana sing ngajak mlaku-mlaku aku langsung daftar melu tujuane gae ngilangi pegel. Yo pegel pikiran yo pegel awak. Pikiran dadi seneng, kanca yo dadi akeh.
Dina Jumat ngarep rencanane dianakno jalan-jalan religius nyambut tekane Wulan Ramadhan. Tujuane menyang makam Troloyo. Manfaate akeh banget. Dunga bareng-bareng Yo mlaku-mlaku. Acara iki rencanane numpak sepur kelinci. Mbayangno numpak sepur kelinci ambek kanca- kanca seneng banget. Mugo- mugo acara Iki iso kelakon soale balik-balik ngerencanakno acara jalan-jalan dadi yo balik-balik gagal amarga sing melok nek sethithik. Wes yo kanca-kanca oret-orete nganggo bahasa Jawa. Liyo dina disambung maneh. Matur nuwun ambek sekabehane perhatiane.
Mojokerto, 13 Maret 2022
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Aamin mugo2 diijabah
Aamiin... semoga jadi terlaksana, ya..
He.he..Dina minggu malah blanja neng pasar. Wah, nek piknik pegel e isok ilang tapi tambah mumet. Sik, kok njur numpak sepur kelinci ha.ha
Aamiin ... masalah e sepur e harus di isi banyak orang jadinya susah
Terima kasih Bu atas kehadirannya