Sukadi

Manusia dilahirkan untuk terus belajar. Belajar dengan siapa saja. Dengan menulis kita bisa belajar apa saja....

Selengkapnya
Navigasi Web
Dialek Jawa Magetan

Dialek Jawa Magetan

Penulis : Sukadi.

#TantanganMenulis365Eps2

#Gurusiana Hari ke-207

//

Byuh dina kok cepete ora umum. Rasane lagi wae dek wingi aku nulis nggawe basa Jawa, hla iki wes ngancik dina Senen maneh. Kaya biasane saben dina Senen aku nulis nggawe basa Jawa.

Ing daerahku Magetan kalebu ing wilayah Provinsi Jawa Timur. Miturut petalanguage.kemdikbud.go.id, Jawa Timur nduweni 3 basa, yaiku basa Bajo, basa Jawa lan basa Madura. Basa Jawa kang digunakake ing Provinsi Jawa Timur dhewe dumadi saka patang dialek, yaiku dialek Jawa Timur, dialek Osing, dialek Tengger, lan dialek Solo-Jogja.

Dialek Jawa Timur sumebar ing sakiwa tengene Surabaya, wetan Jember, lor Kabupaten Malang, lan kulon Bojonegoro. Banjur dialek Osing dituturake ing Kabupaten Banyuwangi.

Dialek Tengger digunaake dening masyarakat Tengger daerah Sukapura Kabupaten Probolinggo. Hla daerah Magetan basa Jawa sing digunaake melu dialek Solo-Jogja amarga daerah Magetan kalebu Jawa Timur sisih kulon dewe wates langsung karo Provinsi Jawa Tengah. Dadi dialeke basa Jawa ya luwih alus tinimbang daerah liyane ing Jawa Timur.

//

Magetan, 25 Juli 2022

Salam literasi

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Mantap tulisane.. informatif

26 Jul
Balas



search

New Post