Aku Rapopo
Rasane kangen setahun ra ketemu. Maklum ae. Minggu ndhek ingi aku ora nulis. Gara-garane kagol merga aku lali ora nulis nek blog Gurusiana. Saking senenge ketemu karo kanca-kanca Gurusianer nek Jakarta.
Sidane aku nulis eneh mulai angka siji. Saiki lagek tekan angka loro. Kaya ngene iki lho sing marai nggondhuk sah. Wis entuk 78 dina hare. Sakdurunge malah wis tekan 500-an dina punjul. Terus tau tekan 270-an dina.
Kaya biasane, ben dina Minggu aku nulis crita nganggo basa Jawa logat Pati Jawa Tengah, kutha kelairanku. Ngene critane:
Setu ndhek ingi, aku melu jalan sehat HUT PGRI nek nggone Stadion Pandanaran Wujil, karo anakku sing nomer loro. Aku mangkat goncengan karo Kangmas (waca: bojo). Anakku numpak sepedha montor dewe.
Tekan panggonan, ketemu karo kanca-kanca. Ya kancaku, ya kancane Kangmas. Aku, Kangmas, karo anakku tekan ngarep gerbang utama.
Lha neng ngarep gerbang iku, aku ketemu Ketua Korwilku karo petugas liyane sing njaga gerbang, terus salaman. Salah siji petugas, kancane Kangmas. Bar salaman Kangmas mlebu lewat gerbang mau. Aku karo anakku ya nututi nek mburi ape melu mlebu. Ee … lha kok karo petugas aku ora entuk mlebu. Malah dikon mlebu lewat gerbang samping.
Aku ngowoh a. Ngerti aku ngowoh, Kangmas karo ngguyu kandha nek sing entuk mlebu gerbang utama khusus pejabat utawa tamu undangan. Lha Kangmas jebul lagi entuk tugas nek kono, mula entuk mlebu gerbang utama.
Sidane, aku karo anakku mlaku lewat gerbang samping, karo nggondhuk sah. Aku ya rapopo. Ancene kudu ngono aturane hare. Dhak ya ngono a. Piye leh.
Nanging nggondhukku sedhelok thok. Mergane aku ketemu karo kanca-kanca.
Kab. Semarang, 20 November 2022



Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Kangmas tega ninggalin ya hihi.... Eh. Bunda. Kok wajahnya mirip ya sama putrinya? hehe....
Ee...gak oleh nggonduk'an. Ngko nggarai ketok elek'e. haha... . Salam sehat, Bunda Lastri.