Sulastri Lastone Peot

Lahir di Kota Pati, Jawa Tengah. Ia bangga sebagai alumnus SMEA Negeri Pati jurusan Ketatausahaan yang telah mendidiknya untuk mampu mengetik cepat 10 jari. Pro...

Selengkapnya
Navigasi Web
Rapal Unjung
Sumber gambar: Dokumen pribadi

Rapal Unjung

Ngaturaken sugeng riyadi para rencang sedanten. Kawula nyuwun pangapunten menawi kathah lepat. Ingkang kula sengaja utawi boten, pokokipun kula nyuwun pangapunten.

Alhamdulillah. Pisan-pisan nganggo basa krama ben ketok kayak priyayi. Hehehe ….

Ketemu meneh para kanca ing dina Minggu. Pokoke kaya biasane saben dina Minggu tulisanku nganggo basa Jawa. Ngoko ae ya. Ben ketok akrab. Soale nek nganggo basa krama inggil kaya alinea pisanan ndak nyaingi priyayi.

Aku nduwe crita, nanging crita jaman cilikanku pas ijek umbelen. Maksute ijek cuilik menthik.

Ngene critane:

Nek nggonanku Pati Jawa Tengah terutama ndok ndesaku, sing jenengane bada tenan iku dina keloro. Kok isa bada keloro nganti saiki aku ogak ndenger critane. Karang cah cilik, dadi kaya ngono iku ora tak pikir. Ndak marai mumet. Hahaha ….

Saben bada, aku karo kanca-kanca mesthi padha unjung. Unjung nek nggone omahe tangga-tangga. Ket saka etan omah ngantek tekan kulonan kabeh tak unjungi. Tak ratani. Ora pilih-pilih.

Saben unjung kan mesthi ndodok salaman karo ndingkluk. Pas ndodok mau karo muni rapale unjung. Lha karang aku ijek cilik, aku ora ndenger apa sing diunekno pas unjung mau.

Dadi, sakdurunge mangkat unjung, aku njaluk warah mbakyuku nek ra yo masku sik. Aku dikandhani unine rapal, terus aku kon ngapalna.

Ngene unine rapal unjungku ndhek emben. “Mbah/Lik kula mriki ngaturaken sugeng riyadi. Bilih lepat kula nyuwun pangapunten.” Nek bar muni ngono, wong sing disungkemi njawab sak unine dheknene.

Rapale unjung jane gur sithik. Nanging ameh tekan ngarepe sing tak unjungi lha kok mesthi lali. Apa merga aku sing dhedhel apa merga ijek cilik ya. Mboh ra eroh aku. Lehku ngarani ya loro-lorone. Hahaha ….

Ben ogak lali, saben mlaku turut ndalan aku ndremimil ngapalna. Jane ora aku thok sing ndremimil ngapalna. Ijek ana kanca sak barakanku sing melu ngapalna. Nek pas ngapalna lali, tekok eneh. Ning kok ora apal-apal iku lho. Aneh tenan kok. Padhalo gur sithik. Nanging harene wong-wong iku mergane kakehan mangan brutu pitik. Padhalo sing jenenge brutu ket dhek emben ngantek saiki aku ora doyan blas. Krungu ae jane gila, nek ra merga kelingan jejere brutu ana daginge.

Heleh lha kok critane malah tekan brutu. Jaka sembung tuku beras. Ora nyambung blas. Yo mbalik neh ning crita rapal unjung.

Nek ape unjung kan akeh kancane, dadi antre. Lha dhong giliranku, nek lali aku tekok eneh karo mbakyuku, nek ra masku, nek ra kanca barenganku sing apal rapal unjung mau. Mesthine ae karo bisik-bisik ben gak ngetarani nek ogak apal.

Merga aku cilik dewe, aku nek unjung mesthi dikerekno. Ning ya ana senenge. Mergane, sing entuk wisit aku dewe. Dadi dhuwitku sing paling akeh dewe. Hahaha ….

Kab. Semarang, 8 Mei 2022

Tantangan hari ke- 540 (130)

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Kereeen ulasannya, Bunda. Salam literasi

08 May
Balas

Mbocone aku yo iso, cuman artine kulo orak iso mbak.. Hahaha. Sukses selalu

09 May
Balas

Ngaturaken sugeng riyadi, menawi wonten lepat nyuwun pangapunten

09 May
Balas

Sing mesti bugar metu saka omahe sing diparapi terus ngitung entuke duit saweran. Matur nuwun rawuhipun wonten sriyonospd.gurusiana.id kagem silaturahmi saha andum kesaenan.

08 May
Balas

Luar biasa Bunda penuh inspirasi dan mencerahkan

08 May
Balas

Hehe... Eling jaman esing neng ndesa,

08 May
Balas

Ora apal ra po po. Sing penting entuk wisit. Kuwi aku loh ya ...haha. Mugi wilujeng,Bu Lastri.

08 May
Balas

Di catet dek kertas, terus karu dingkluk maca kerpek ane

08 May
Balas

Kereen tulisannya mbak Sulastri walau belum bisa paham, sukses selalu

08 May
Balas



search

New Post