Sungkowo

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web
Saklebatan Esemu 

Saklebatan Esemu 

Esok iki, aku nemokake esemu. Jan ndadekake atiku mongkok. Sanajan esem iku mung saklebatan weruhku. Awit, sliramu banjur ngilang, tumuju ing klas. Dene aku isih ana ing ngarep sekolah nyambut bocah-bocah liyane. Kanca-kancamu. Sing uga kudu daksambut kanthi senenging ati.

Esemu ora daktemokake ing saben bocah. Ana bocah-bocah kang pasuryane buthek. Kaya butheke banyu banjir kang ing wektu-wektu iki lagi nglelemake saperangan papan ing Indonesia. Kaya ora ana semangat. Kuwi kanyatan kang saben dina daktemu ing sekolahan. Pancen ora akeh cacahe. Ananing, rasane ora adem ing ati yen kanyatan kuwi dakjarake bae.

Nyawang esemu, atiku grumegah kudu bisa andum seneng karo bocah-bocah kang kelangan esem. Mula sliramu dakcedaki, cukup nganggo ati. Ora adep-adepan. Awit, yen adu arep, aku ora kuwat mandeng. Ing sajroning esemu pranyata kasimpen swarga.

Nanging, aku nyinau bab iku saka sliramu. Supaya bisa duwe esem kang nembus atining liyan. Mligine atine bocah-bocah, yaiku saperangan kancamu, kang kelangan esem. Cikben saben mlebu ing klas, sangu esem kaya sliramu.

Esem kuwi kang bisa miwiti pasinaon kang nyenengake ing klas. Muga bae esemku, kang daksinaoni saka esemu, migunani tumprape kanca-kancamu. Ing pungkasane, kanca-kancamu bisa sinau kanthi seneng kaya sliramu. Bisa ngundhuh ilmu bebarengan kanggo mapag masa depan kang apik, gawe sumringah. Iku panjalukku.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post