Sungkowo

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web
Semarake Pengetan ulang taun PGRI lan HGN Sanajan Udan

Semarake Pengetan ulang taun PGRI lan HGN Sanajan Udan

Ing sekolah, papanku ngabdi nyebar ilmu marang bocah, mau dianakake pengetan ulang tahun kaping 72 PGRI lan HGN. Kang mesthi ing sekolah liya uga dipengeti. Ngepasi udan dadi ora ana upacara. Ananging, adicara kang wis dicawisake bocah-bocah tetap dianakake.

Mesakake bocah-bocah yen acara kuwi diilangake. Awit, miturut klesak-klesike saperangan guru, acara kuwi kanggo kejutan marang kabeh guru. Mesthi wae wis tinata kanthi apik. Mendahnea gelane bocah-bocah yen acara kuwi ora katindakake.

Mung arep ngerteni sadurunge acara kawiwitan, guru-guru olehe golek informasi wae ora kelalon. Ora ana bocah kang gelem mbocorake acara. Acara kuwi disimpen rapet-rapet. Ora mung kanggone pengurus OSIS, kabeh bocah ora oleh mbocorake. Dadi, nganti acara meh kawiwitan ora ana guru siji-sijia kang ngerteni. Bocah-bocah pancen kepengin ngaturi kejutan marang bapak-ibu gurune.

Nalika guru-guru isih ngrungokake sesorahe kepala sekolah ing ruang guru, liwat kaca, katon yen bocah-bocah padha baris ing lapangan. Ora ana pengumuman saka speker kang kaprungu, bocah-bocah kok wis padha kumpul. Kamangka, saben upacara gendera Senin kudu ana wara-wara dhisik liwat speker kanggo ngumpulake bocah. Yen ora ana wara-wara, bocah-bocah ora gampang ngumpule. Beda tenan karo dina pengetan PGRI lan HGN wektu iki. Dakkira mesthi wae pengurus OSIS padha muter nyang kelas-kelas nguweki pengumuman.

Aku, mbokmanawa uga tumprap guru liyane, ndeleng liwat kaca babagan bocah-bocah kang wis kumpul ing lapangan. Ketok yen pengurus OSIS padha ngatur barisan. Bocah-bocah ya katon gampang ditata. Dadi, ora perlu wektu suwe bocah-bocah wis baris rapi.

Ya pancen ngana yen saka sajroning ati wis ana krenteg (pepingin). Ora usah dikongkon-kongkon, bocah-bocah wis baris apik. Nata awake dhewe-dhewe. Dadi, ya gampang banget.

Mulane nalika sajroning atine ana pepingin atur kejutan marang bapak-ibu guru, bocah-bocah ora wedi karo banyu udan. Udan pancen mung rimis-rimis. Ananging, mesthi nelesi klambine ing bagian tartemtu. Aku deleng kanyatan kuwi, banjur nyimpulake yen bocah-bocah pancen niate jero banget. Tur ikhlas. Dakdeleng ana kang ora kaya biasane.

Maca tandha-tandha kang ora kaya adate kuwi, guru-guru paring respon kanthi apik. Guru-guru tumuju ana ing lapangan. Bocah-bocah wis baris katon rapi. Saiki gurune nusul baris. Ngadeg jejeg ing ngarepane bocah-bocah. Adhep-adhepan.

Ujug-ujug pengurus OSIS kang wis tinata rapi ing tengah-tengahing barisane bocah-bocah mlaku ngubengi barisane guru kanthi nggawa kembang. Nembang Himne Guru kang sabanjure dieloki kabeh bocah saklapangan. Swara bocah-bocah rasane kaya ngiris ati. Apanameh ana bocah kang maca geguritan. Rasane sansaya ngiris jero atiku. Dakkira semana uga guru-guru liyane. Trenyuh ing ati.

Kembang-kembang kang digawa pengurus OSIS mau diaturake marang guru siji-siji. Kabeh bapak-ibu guru dadine ngasta kembang uga nampa ucapan selamat saka bocah-bocah. Roti tart uga kaaturake perwakilan bocah marang kepala sekolah.

Ing pungkasan acara, ketua OSIS ngaturake balon-balon kang rinakit apik marang kepala sekolah, supaya kalepasake ing angkasa minangka tandha pengetan ulang tahun kaping 72 PGRI lan HGN dianakake ing sekolah. Tulisan-tulisan ing bener uga karentangake, nambah semarake pengetan dina PGRI lan HGN. Sanajan udan rimis-rimis, bocah-bocah lan para guru ngrasakake suka gembira ing tengah-tengahing lapangan. Matur nuwun, anak-anakku kang daktresnani.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post