Sungkowo

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web
Tirakatan Rasa Sukuran
Gambar kapethik saka kpupemalang.wordpress.com

Tirakatan Rasa Sukuran

Saben tanggal enembelas Agustus, bengi, ing kampung-kampung, ing desa uga kutha, dianakake tirakatan. Para warga lumprahe ngarani tirakatan malem pitulasan. Aran iku iya bener. Awit, sesuke wis tanggal pitulas. Ing kampungku, tirakatane dianakake ing saben Rukun Tetangga (RT).

Kabeh acara dianakake ing pos kamling RT. Dadi, pos kamlinge dipaesi apik. Gebyar. Abang putih werna kang paling akeh. Iku nggambarake gendera abang putih. Kang ngemot teges wani lan suci. Abang, wani; putih, suci. Kaya sejatine watake para leluhur kita ing jaman semana, wani ngadhepi penjajah amerga kekarepan kang suci.

Warga RT diundang kabeh. Cilik gede; tuwa enom. Ora ana sing ketinggalan. Amarga, tirakatan pitulasan kuwi hake para warga. Semana uga ing kampungku. Kabeh warga padha tumplek blek ing pos-pos kamling RT.

Babagan tirakatan pitulasan wis dadi acara rutin. Saben taun mesthi ana, ngepasi tanggal enembelas Agustus. Para warga wis ngreti. Dadi wis padha siap-siap, melu ngguyubi wiwit fase nyiapake nganti pagelarane.

Ing Kamus Besar Bahasa Indonesia (KBBI), tegese tirakatan ana gegandhengane karo sikap mekak hawanepsu. Dibarengi karo donga-donga pangucap sukur lan anyenyuwun marang Gusti Allah. Konteks saiki, iya angucap sukur awit bangsa Indonesia isa napaki umur 74 taun lan muga-muga sakteruse mlaku kanthi slamet.

Mung wae tirakatan pitulasan jaman saiki luwih akeh seneng-senenge. Mangan-mangan lan ndeleng pagelaran seni. Kaya-kaya malah ora mekak hawanepsu. Adicara ndedonga ora dadi sing utama, ananging kesane mung kaya tambahan. Tamangka tirakatan mesthine kudu akeh ngrenungake lakune urip (bangsa Indonesia) lan ndedonga. Ancase cikben sakbanjure bangsa Indonesia lumaku sansaya apik.

Ngana kuwi ora salah. Pancen jamane wis beda. Dadi melu owahe jaman. Saiki tirakatan lan sukuran kaya-kaya wis nyawiji. Tirakatan rasa sukuran. Iya, ora apa-apa. Mung wae babagan sing wigati ora diilangi. Ing tirakatan pitulasan isih kudu ana nyanyi Indonesia Raya lan maca Teks Pancasila kanti bareng-bareng. Kangga njaga jiwa yen Indonesia kuwi NKRI. Salam kamardikan!

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post