surip ipah

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web

Endhog Gludhug Malih Sawo

Aku iku anak mbarep, adhiku lima, lanang 3 wadon 2. Bapakku wong tani. Dadi saben dinane ya mung nyambut gawe nenandur ing sawah, asile diundhuh diolah saben dinane lan didol kanggo nyukupi kebutuhan saben dinane. Wektu iku aku isih sekolah ing SPG, satataran SMA utawa SMK jaman saiki, dene adhiku ya isih sangisorku utawa isih cilik-cilik. Mulih sekolah biasane banjur nyambut gawe ngrewangi wong tuwaku. Yen pinuju sore kok udan, biasane aku lan adhiku padha masak-masak, ngolah asil tandurane bapakku. Masake nganggo pawon, bahan bakare saka kayu, durung ana gas kaya saiki.

Yen masak iku wong loro, siji ngedhepi geni ben ora mati, sing sijine sing nggoreng utawa liyane. Yen pinuju aku sing masak, kabeh ora kena ngicipi, ngenteni yen wis rampung lagi didum supaya adil. Nanging yen sing masak adhiku wedok, biasane bocah loro sing masak karo sing ngedhepi geni padha cap-cip, cap-cip. Dadi bocah loro mau ngicipi terus luwih dhisik. Rampung olehe nggoreng wis wareg.

Sore iku, langite mendhung, udan riwis-riwis mula aku sakulawarga ora menyang sawah. Sore kuwi aku lan adhiku sing nomer 4, ing pawon masak endhog gludhug yaiku panganan saka sapah digethuk, banjur digawe kaya endhog tengahe diiseni gula jawa terus digoreng. Aku sing nggoreng, adhiku sing ngedhepi geni. Sakgorengan jumlahe pira mesthi daketung. Adhiku ya ora wani njaluk amarga wis apal yen aku sing nggoreng kudu ngenteni sarampunge lagi didum. E lagi, entuk sagorengan, lan proses nggoreng sing kaloro, dumadakan ana swara,”Kulanuwun.

Dakjawab, “Mangga.”

Adhiku dakkon metu niliki sapa tamune ora gelem, sidane aku sing metu adhiku sing ngedhepi. Sawise daktiliki jebule wong ulem. Tamune bali, aku mlebu ing pawon maneh. Alhamdulillah ora gosong, adhiku pinter wis diwalikake. Endhog gludhuge sing wis mateng ya wutuh ora kalong. Nanging adhiku kok ngilang, ora teka-teka maneh. Dadine aku nggoreng nyambi nyugokake geni. Endhog gludhuge mateng dakentas, dakjegure sing isih mentah. Bareng wis atus lengane banjur daksuntak dadi siji . Nalika nyuntak kuwi mau, rasane kok kaya ana sing beda ngono. Daktamat-tamatke siji-mbaka siji endhog gludhug sing wis mateng kuwi mau, rupane ya padha coklate, nanging bareng daktamati tenanan sing siji dudu endhog gludhug nanging sawo sing isih mentah. Aku isih durung mudheng, daksawang kentheng ing sandhuwure ya ora pecah ketiban sawo, mongsok sawone bisa ning piring. Nalika aku ngilang-ilingi endhog gludhug mau adhiku mlebu karo ngguyu cekikikan,

”Apa Mbak, endhog gludhug malih sawo?”

Aku melu ngguyu, “O, alah jebule ma kowe to sing njupuk?”

Lha ngapa kok mbok ganti sawo? Jawabe wedi nek diseneni.

Wiwit kedadean kuwi, yen aku sing masak, adhiku entuk ngicipi ora ketang 1 penting ngerti rasane. Yen wis mateng kabeh didum padha.

Mangkono critaku kanca-kanca. Muga-muga bisa migunani. Bocah cilik iku watake kepenginan, mula ora ketang sithik kudu diwenehi tinimbang tumindak nyolong iku ora becik. Maturnuwun.

Biyungerindrahenky, Mei 2017

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Xixixii... Kenangan indah masa kecil yang kadang kita rindukan ya Bun. Btw sapah itu apa ya? Bahan endhog gludhug tadi. Saya bisanya bikin cemplon. Sehat selalu. Barakallah

14 Feb
Balas

Terimakasih. Maaf baru balas. Sapah itu bodin istilah bahasa panginyongan, ketela pohon dalam Bahasa Indonesia.

24 Feb

Kenangan manis tak kan habis bunda. Salam literasi dari Grobogan.

21 Jan
Balas

Hik ....hik... hik..... Kreatif betul adike njenengan bun.. ndog gludug dijoli sawo

20 Feb
Balas

Iya benar, Jika kami sedang berkumpul dan teringat masa-masa itu sungguh lucu. Terimakasih.

24 Feb

Benar Dik. 100 untuk Panjenengan. Matur nuwun.

24 Feb
Balas

ya mbk.aku tahu itu.gethuk goreng kan ?makanan kesukaanku itu mbk.

14 Feb
Balas



search

New Post