syarifah nihayati

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web

Kaki Tram Uwis Tobat

Wis pirang Dina kiye nyong dadi kaya kiye: Mata mendelik, untu gathik, gemlethek pisan koh! Kenangapa deneng kaya kuwe ? Lha kae apa Rika padha ora pirsa? Neng tipi neng koran neng nginternet pating sliwer brita Kaki Tram sing kemakine sundhul langit. Wani-wanine nyocot lamona Yerusalem kuwe dadi Biyung kotane Israel.

Jan apa ora duwe wudel kae wong ya ? Tek guweke kathoke, mbok menawane Pancen ora duwe wudel. Apa ora ngutek si nganan-nganane si kae wong. Bosanu malah udu uwong kae Kaki Tram ! Belis sing mujud uwong! Deneng gemaguse ora ukuran.

Inyong dadi ngemba-emba, upamane nyong teyeng dadi lantaran kae wong Kon sadar, Kon dadi uwong sing ora sombong, jere bocah jaman nouw, baik hati dan tidak sombong kaya kuwe. Kae wong arep Tek hipnotissss nganti selawase. Eh, nyong urung teyeng ding yong. Ya nyong njaluk Tulung Maring dulurku padha sing teyeng.

Pertama,de hipnotis Ben maca syahadat loro. Lha, nek kaki-kaki mlebu Islam kan terus de tugel kulupe, alias dengan sunat ya. Banjutan tek waraih Donga solat, Donga seurunge madhang, Donga arep ngising utawane arep nguyuh, jus ama ya Tek waraih kabeh. Pokoken Tek waraih sing apik-apik lah.

Lha nek wis garik Tek waraih Kon sing Eman Maring Kabeh wong neng Ngalam Dunya Kye. Aja seneng cluthak maning.

Kan sip Yong ? Ngko terus Kon njaluk pangapura Maring Gusti Allah Karo Maring wong se Ngalam dunya, Kon de buru Maring kabeh Umaeh.

Lha kaya kuwe mbok Kaki Tram siki dadi nglesa, ora nakal maning. Tek dongakna.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Mantep pisan kiye. Nyonge setuju bae, kaki tramp di klithiki bae. Jane kaki tramp kae pancen ana tujuane men wong sing apik-apik pada duwe gawean.

09 Dec
Balas

Iya koh Kang. Tek dongakna moga moga kae wong de paringi hidayah neng Gusti Alloh .. aamiin

09 Dec

Gole maraih Kaki Tram aja nganggo basa ngapak bu, ora mudeng!

09 Dec
Balas

Urung tobat koo

09 Dec
Balas

Ralat : dengan = de

09 Dec
Balas

Astaghfirulloh...maen Mbekayuu...

09 Dec
Balas

Gimana komen ngapak ooohh "Mbekayu...mbekayu...aja murub atine, wong donya wia degawe, nek kabeh owong maen ya ora rame kwkwkw

09 Dec
Balas

Tangi-tangi, jor baen nggo isen" kawah geni mbesuk ngalamate..

09 Dec
Balas



search

New Post