syarifah nihayati

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web

LINDHU TENGAH WENGI

Lindhu Tengah Wengi

Tengah wengi mau, antarane jam rolas kurang sepethit, inyong, sekeluarga, uga tangga kiwe tengenku padha njimprak mergane ijig-ijig bumine krasa oreg retung. Bumi krasa oreg, ya pancen oreg, kuwe sing de arani lindhu. Ya bener, mau mbengi bar ana lindhu gedhe. Ningen inyong urung ngerti wudel lindhune neng panggonan ngendi. Inyong urung wani nggolet inpormasi, dhengkul karo ros-rosan awak kayong esih nlithik.

Dhong inyong sadhar lamona kiye kuwe lindhu, gagian bae bayiku tek reok karo ndremimil takbir ora uwis-uwis. Bapane bocah sing nembe bae mapan ngaso gagian mbukak lawang ngarep, metu sekang umah. Inyong ngetutna neng mburine. Kebeneran wektu kuwe ana mobil patroli liwat. Emperen penumpang neng njero mobil kae urung sadhar lamona wektu kuwe lagi ana lindhu gedhe.

Tangga kiwe tengenku uga padha metu sekang umah karo celuk-celuk ramane kon gagian tangi, ana lindhu. Inyong nggoleti kenthong sing biyasane ngglethak neng teras, tapine ora nana. Sekang kadohan inyong krungu swara titir saur-sauran. Titir kuwe swara kenthong de tabuh kerep lan cepet, perlune ngelingna uwong-uwong lamona ana kedadean sing ora biyasane. Hapene nyong klunthing-klunthing tandhane ana esemes mlebu. Jebule lindhune ora kur neng kene, neng ndesane mbekayune inyong sing jarake meh 40 kilometer sekang kene uga ana lindhu

Orege bumi kayong madan suwe tek rasakna, marekna ros-rosan awak tambah nlithik. Bayiku mulai nangis mergane turune keganggu. Karo tek ipuk-ipuk, inyong ndeleng kahanan neng kiwe tengen. Uwit-uwit katon ombyang-ombyang pisan. Cangkemku ora liren gole takbir. Allahu akbar! Allahu akbar! Ya Allah, dalem nyuwun perlindungan Panjenengan saking kahanan kados mekaten.

Mbarang tek rasakna wis ora oreg maning, inyong mlebu ngumah. Bayiku tek bongna maning banjutan tek susoni supayane anteng, turu maning. Kedadian kiye mesthi ana alesane, ana tujuane de gawe neng Gusti Allah. Neng njero menengku, inyong rumangsa adoh sekang Gusti Allah. Dina-dinaku isine ketungkul mung karo urusan dunya lan dunya. Elingku maring Sing Gawe Urip kur ping lima. Subuh, Duhur, Asar, Magrib, Isa, limang wektu solat. Kuwe bae seringe tek nde-nde, mengko-mengko. Astaghfirulloh. Ya Allah kula nyuwun pangapura sing ageng. Ora mung kuwe, inyong uga ketungkul ndhengkul nggegemi barang atos cilik pesagi karo nutul-nutulna jempol maring hurup-hurup sing nemplok neng barang kuwe. Ora esuk, ora awan, ora sore, ora wengi, ora uput-uput njeprut. Barang kuwe ya kuwe sing tek gegem. Gusti Allah cemburu. Astaghfirullohal’adziim. Ya Allah kula nyuwun pangapura. Seliyane kuwe, unggal dina inyong ngresulah de sambi nyambet gawe, ora neng sekolah, ora nengumah. Ngresulaaah bae. Umah kayong ora nana rapine, grabah padha ngathang-ngathang urung kober ngumbaih, klambi belok sepethuthukan, ompol sebopongan, runtah mambak-mambak. Astaghfirullah. Ya Allah kula nyuwun pangapura.

Jam siji wis gutul. Inyong urung arip maning. Tek sawang rupane anak bojo. Inyong tambah rumangsa dadi uwong ora bener. Sering kesuh nek bocah padha urung manut, kesuh karo bapane mbireng. Ya Allah, dosane kula deneng kathah temen nggih. Saestu kulo nyuwun pangapunten.

Inyong ndonga moga-moga kedadian lindhu mau ora ngrusak alam , bangunan sing neng ndhuwure, karo jiwa-jiwa padha sing slamet waras. Aamiin.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Alhamdulillah saiki lindhune wis liren.... akeh tembung sing anyar lagi wae ngerti. Menikmati bahasa ngapak, jebule nikmat

16 Dec
Balas

Klo malah mboten krasa wonten lindu bu, he...

16 Dec
Balas

Kula nggih nyuwun angapunten Gustiiii !

16 Dec
Balas

Bagus sekali Ibu, meski sy tak bisa mengucapkannya dg fasih tp sy paham maksudnya...luar biasa..

16 Dec
Balas

Kedadian mau bengi kena kanggo pengeling Inyong Kabeh ,Kon pada eling Maring Gusti ingkang moho kuasa ,,muga muga pada pinaringan Slamet sehat waras ,Kanti ningkatna iman karo taqwa

16 Dec
Balas

Alkhamdulillah diparingi pepeling. Rika eling maring dosa, nyong kelingan urip wis tua. Muga-muga Gusti paring pituduh maring nyong lan rika, mlaku maring dalan sing bener. Aamiin.

16 Dec
Balas

apik pisan bu titi. kabeh mesthi ana hikmahe . Gusti Allaah lg ngelingna awak kon pada lewih selalu eling ....

16 Dec
Balas

Nyong malah ora ngerti ana Lindu. Gole turu lali pisan kayonge.

16 Dec
Balas



search

New Post