Sutarti_Grobogan

Sutarti, S.Pd.SD, Kepala Sekolah SD N 1 Krangganharjo Toroh Grobogan Jawa Tengah...

Selengkapnya
Navigasi Web
Kelingan Mantan

Kelingan Mantan

Minggu, 6 Februari 2022

TAGUR-365 (47)

***

Ora krasa kok wis dina Minggu meneh. Wayahe leren ning omah, Nyambi umbah-umbah utawa isah-isah. Dina iki rasane kok embuh yo? Mendung tanpa udan, dadi kelingan sing uwis-uwis.

Wingi kuwi ndelalah kok prei. Bubar vaksin, bocah-bocah leren ning omah sak gurune. Wah, rasane dadi seneng banget. Terus dadi kelingan mantan. Akhir e dolan mrono ben ati iki ayem.

2005 dadi guru wiyata ning SDN 4 Nambuhan. Akeh cerita sing tak simpen ning njero ati iki. Seneng lan susah disangga bareng-bareng. Sampe terus kelingan gedung e ambruk kena angin banter. Latihan pramuka lan nari bareng. Duh, rasane dadi kangen. Opo meneh, ning sekolahan iku ketemu mantan sing saiki dadi sisihanku saiki.

Ndisik macak dadi guru olahraga dibayar satus seket rupiah. Terus munggah sitik dadi guru kelas ditambah ewang-ewang garap BOS. Lha saiki kok yo malah dadi bendahara BOS. Kudu ikhlas mungkin garis e memang ngene iki.

2010 pindah merga ketampa CPNS Ning SDN 1 Plosoharjo. Jian, rasane seneng lan sedih. Seneng amarga bisa dadi guru tenanan. Sedih e pisah karo kanca-kanca sing wis kaya dulur. Basa ngetrendne yo, seduluran selawase.

Kelingan mantan ki critane. Mantan sekolahan lan mantan pacar.

Salam literasi saking Grobogan.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Wah, ketemu mantan sing dadi sisihan .... critane sae bu, nostalgia gih, salam rahayu bu Sutarti

06 Feb
Balas

Nggih Bun

06 Feb

Saben dina isa nyawang mantane mbk. Ayo mbk dilanjut ...

07 Feb
Balas

Aduh aku ga paham, Bun. Maaf.

06 Feb
Balas

Ndak papa Bunda. Terima kasih sudah SKSS

06 Feb

Kelingan mantan ki critane. Mantan sekolahan lan mantan pacar....asiik,

06 Feb
Balas

Leres bapak

06 Feb

Umbah-umbah, isah-isah disambi masak iwak kuah....

06 Feb
Balas

Wah, seger banget niku Buk

06 Feb

Hm.....

06 Feb
Balas

Pripun Mom?

06 Feb

Sukses bu, salam sehat

06 Feb
Balas

Kelingan mantan pacar saiki wis dadi bojo. Mantep tenan.

07 Feb
Balas

Ulasan bahasa Jawa e apik tenan bunda.Salam literasi

07 Feb
Balas



search

New Post