Tri Khasanah

Guru di SD Negeri 1 Bojong Kecamatan Mrebet Kabupaten Purbalingga. ...

Selengkapnya
Navigasi Web
Lampune Anyar, Dalane Padang

Lampune Anyar, Dalane Padang

Lampu Anyar, Dalane Padang

Kabupaten Purbalingga sing umure arep genep 187 tahun siki tambah moncer. Ora mung bandara komersil sing arep dibangun, dalan sing pada alus, lan pariwisata sing tambah gumebyar. Dalan-dalan siki uga tambah padhang njingglang. Inyong bungah pisan dadi warga Purbalingga. Arep ngapa baen siki tambah kepenak. Babagan plesiran contone, siki tambah gampang. Pilihane akeh, ora usah adoh-adoh, neng aben kecamatan siki uwis ana panggonan sing nggo plesiran. Contone inyong sing manggon neng Kecamatan Mrebet. Siki bisa plesir pedhek neng Bukit Mertelu sing ana neng Desa Sangkanayu. Maring ngalor sepetit ya wis ana taman strowberi karo Kampung Kurcaci sing dibangun neng Desa Serang. Neng Kutabawa uga ana taman kembang. Kabeh panggonan kuwe wis tau tak ambah. Malahan inyong tau nginep neng Bukit Mertelu karo batir-batir karangtaruna.

Pertamane pas inyong munggah Bukit Mertelu rasane megap-megap tur ngos-ngosan. Jebule bukite dhuwur pisan. Pandelengane nyong wis kaya ana kunang-kunange, ngasi kaya arep semaput. Untung bae ana batir sing nggawa wedang, dadi inyong ditulungi kon njagong karo diwei wedang. Mbarang wis nginum banjur pandelengane inyong dadi katon padang. Maklum bae, inyong kalebu jarang olah raga, dadi pas mlaku manjat dadi kaget. Acara tadabur alam karo batir-batir karangtaruna rame tur gawe bungah. Ana bakar-bakar ayam dilanjut mangan-mangan. Pas tembe butul, kahanan bukite peteng ndedet kenang kabut. Inyong sempet mikir, deneng madan horor? Jebul pas jam pitu wengi kahanane dadi rubah. Ana lampu kelap kelip ning sekabehane arah. Pokoke dideleng apik pisan. Inyong dadi bungah.

Desa Bojong panggonane inyong uga kalebu wis maju. Winginane wis dipasangi lampu dalan sing nganggo energi srengenge. Lampu kuwe murube aben jam enem sore. Kabeh lampu nek pada murub katone jan maen pisan kaya neng kota. Inyong karo wong-wong desa Bojong dadi pada bungah. Aben wengi dadi padang. Tambah bungah maning ana lampu dalan sing dipasang pas banget neng ngarep tokone inyong. Kuwe kalebu rejeki. Kebeneran, soale nggone inyong pas banget lampu sing neng pojokan dalan lagi pada mati kesamber petir. Nggone inyong siki dadi padang, ketulung neng lampu dalan sing nganggo energi srengenge kuwe.

Muga-muga bae sing padang ora mung dalane, tapi atine warga Desa Bojong uga warga desa liane dadi padang. Wong-wonge dadi sregep gole pahal kanggo ngempani anak bojo. Rika bungah inyong uga bungah. Pokoke kabehan dadi pada bungah. Uripe sehat lan makmur. Mayuh aja kelalen gole ngibadah, kudu tambah sregep ben gole pahal tambah berkah. Aamiin.

Purbalingga, 16 Desember 2017

Tri Khasanah

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Padang njembrang, pikirane padang rejekine njembrang.

16 Dec
Balas

Apik pisan gole nulis yaa.... Sida dadi buku Guru Ngapak kiye tah !

16 Dec
Balas

Maheen . . Serattusss Kapan kapan qt kemping yaa

16 Dec
Balas

Syukurlah...bu tri...tambah menyenangkan hati yaaa.. Kotanya.

16 Dec
Balas

Mayuh pada dijaga supayane awet padange. Atine bombong, uripe sumringah, wera mbok mbekayu..

16 Dec
Balas

Jaan pinter temenan kye bu Tri, gole njlrnterhna kahanan Mrebet lan sekitare wis apik tur runtut banget.

16 Dec
Balas

seneng temen kuwe, nganah ngeneh wis padang. moga2 nambaih padsng atine, padNg pemikirane lan padsnv rejekine....aamikn

16 Dec
Balas

Dalane padhang udu dalane padang kang...lsp

17 Dec
Balas



search

New Post