Tri Khasanah

Guru di SD Negeri 1 Bojong Kecamatan Mrebet Kabupaten Purbalingga. ...

Selengkapnya
Navigasi Web
Nggolet Peserta Lomba Cerpen

Nggolet Peserta Lomba Cerpen

Nggolet Peserta Lomba Cerpen

SD Negeri 1 Bojong klebu sekolahan sing maen. Neng tahun kiye muride ana Patangatus Limolas bocah. Kabeh murid kuwe nyebar neng pitulas kelas. Kegiatan neng SD Bojong siki werna-werna. Paribasan arep njagong bae ora kongang merga saking akehe kegiatan. Kegiatan sing lagi anget kuwe babagan persiapan kanggo lomba-lomba. Ana lomba pesta siaga, Popda, FLS2N, lan liya-liyane.

Kabeh guru nampa SK dadi bina damping lomba. Tugase bina damping werna-werna kanggo anggayuh kesuksesan lomba kuwe. Bocah kudu dididik kawit bubar pelajaran sekolah nganti jam loro ngenani bab-bab perlombaan. Inyong dadi bina damping lomba pesta siaga bab taman pengetahuan. Neng bab kuwe bocah kudu ngerti foto utawa jenenge gambar sing digathukaken karo tulisan.

Tumprape inyong, mulang Pramuka pesta siaga bab taman pengetahuan ora dadi beban. Mergane bocah mesthi bisa langsung paham nalika weruh foto utawa gambar sing dimaksud. Inyong mulang ping telu bae, bocah langsung bisa paham. Kuwe dadi gawe bungah inyong. Beda banget karo tugas sing nomer loro. Inyong uga nampa SK dadi bina damping lomba gawe cerpen utawa cerita pendek. Nggolet peserta kayane koh abot pisan. Nunjuk bocah ngasi ping papat makahan gugur kabeh. Alasane ajeg, jerene lomba cerpen angel dadi pada ora mudeng.

Ealaaahhh. Ngenes atine inyong. Inyong dadi mandan kecewa. Bocah Kon pinter malah ora gelem. Haduuhhh kepriwe maning angger uwis kaya kiye.

Inyong arep ora maksa karo bocah. Pokoke Inyong kepengin bocah sadar menawa lomba-lomba kuwe dadi bisa nambah pengalaman utawa apik nggo masa depan.

Wektune selot dina selot mlaku, ora kena digandhuli. Inyong dadi galau. Ehhh, deneng kaya cerita jaman old ana kata galau mbarang ya? Inyong ora nglokro, semangate kudu murub terus. Inyong mikir maning, kayane bocah-bocah sing wingi tek pilih anu kelas papat, dadi mentale urung kuwat. Jajal siki sing tak pilih bocah kelas lima? Mesthine mentale uwis pada kuwat tur kosakatane uga lewih maen. Apa maning bocah kelas lima ana patang kelas. Milih bocah siji mesthine gampang tur akeh pilihane.

Nemu ide arep milih bocah kelas lima, semangate inyong dadi murub. Dina kiye inyong mangkat gasik. Butul neng sekolahan, inyong nemoni bocah kelas lima. Bocah-bocah pada nggrumut ngajek salaman. Inyong langsung takon nawakena lomba.

"Cah, ko pada gelem melu lomba?"

"Lomba apa Bu guru? Inyong gelem, nggo jeneng sing apik sekolahan". Jawab salah sijine bocah.

"Sapa sing arep melu jajal ngacung?" Inyong takon bocah

"Inyong Bu guru..." Bocah kuwe pada ngacung kabeh.

Duh Gusti, bungah temen atine inyong. Uwis seminggu nglatih bocah pada gugur. Siki tembe nawani malah gelem kabeh.

"Ya wis, mengko latihan kabeh bubar pelajaran ya!" Prentahe inyong

Jam sewelas, Inyong tembe arep mangan lonthong karo gorengan. Bocah-bocah nyamper inyong neng kantor.

"Bu guru, latihan siki apa Bu? Inyong uwis rampung pelajaran," pitakone bocah.

"Ya bisa, nganah kumpul neng kelas ndipit. Inyong mangan lonthong sedela," jawabe inyong.

Duh Gusti, dina kiye bener-bener dadi kabegjan. Inyong bungah merga bocah pada semangat melu lomba. Bocah kon gawe cerpen topike "Menungsa Mati Ninggalna jeneng" . Tek tunggoni sejam uwis olih telung halaman. Bungah, bener-bener bungah weruh bocah pada semangat disit-disitan.

Berarti kawit wingi inyong urung bener olehe milih bocah. Mangkane pada ora gelem lan pada kebingungen. Siki inyong uwis nemu peserta lomba bocah kelas 5B. Muga-muga bae bocah teyeng gawe cerpen sing maen. Supaya bisa menang lomba neng Kecamatan Mrebet. Aamiin.

Purbalingga, 03 Februari 2018

Tri Khasanah

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Deneng bocaeh ora padha basa maring bu Guru? Kayane bu Tri nulise kelalen kuwe tah! Kula ken nderek lomba nggih purun, Bu Guru!

03 Feb
Balas

Nggih niku pak Pras, kadose lare basa kalian bu Guru, teng bu Tri seratatane didamel ngoko lugu hehe

03 Feb
Balas

Telakha bocah siki pada ora teyeng basa. nanging gurune tetep ajek ngomong basa. Ndean bu tri esih kegawa ngapake ddi kelalen bocaeh ora basa. saking bungah lan saking semangate.haa.haa...

03 Feb
Balas

bu tri asline basane mlipit. siki ngapak dadi di ngapak2na ya bu,

03 Feb
Balas

Ealaaahhh, Kulo dereng ngertos niku Pak Edi, berarti Kulo ingkang kedhah sinau malih. Hehe

03 Feb
Balas

Inggih Ibu Kursi, kulo ingkang lepat. Ngertosipun menawi seratan Ngapak sedoyo tetep Ngapak. Hehe Pangapunten Ibu...

03 Feb
Balas

Asline lare-lare basa teng guru Ibu Yuli, niku Kulo ingkang damelipun Ngapak sedoyo. Ngertose Kulo menawi damel seratan Ngapak basanipun siswa kalih guru tetep dipun damel Ngapak. Ha-ha-ha

03 Feb
Balas

Ibu Eti damel Kulo seneng mawon... Hehe

04 Feb
Balas



search

New Post