Tri Sundari

Lahir 48 tahun yang lalu. Mengajar mapel Penjasorkes di SMPN 1 Kauman, Kabupaten Tulungagung, Jawa Timur. Mempunyai hobi menulis sejak kecil karena kesulitan b...

Selengkapnya
Navigasi Web
KANGGO RIKA

KANGGO RIKA

Hari Ke #4

#TantanganGurusiana

Siji sijine mung rika, nong atinisun selawase..

Separuh raga iki.. yara mung kanggo rika…

Untung wae, sing tak kanggo muter lagu Banyuwangian iki HP. Dudu kaset jaman baheula sing digawe saka pita plastik. Paling nek kedadian iki rong puluh tahun kepungkur, pita kasetku bakal nglokor, rusak. Ora kena diputer lan dirungokne maneh. Merga wis embuh kaping pirang puluh lagu iki mbolak mbalik.

Dina libur kaya saiki, ndadekna atiku nglangut ngrungokake tembang Jawa modern sing lagi hits neng masyarakat. Meski ora seratus prosen aku nganggur ngethekur, sinambi nandangi pegaweyan omah, ning lagu iki remasuk ana angen-angen. Tombol repeat sing tak pencet, ndadekna lagu iki bolak balik ora ana titike dadi kanca anggonku aktivitas.

Tumlawung angen-angenku menyang tahun rikala isih pacaran. Lirik lagu Kanggo Riko iki, karasa kaya janjine Estu sing manis. Makhluk gender lanang iki sing wis naklukne atiku. Sasuwene limang tahun pacarana. Ngalor ngidul ngetan ngulon, bebarengan runtung-runtung. Mulai saka kelas telu SMA nganti lulus kuliah.. Aku mringis dhewekan.. Kelingan jaman nom-noman karo Estu. Ah… masa remajaku pungkasan sing endah…

Putus saka Estu nggawe atiku remeg. Nangis seminggu ora ana mandhege. Anggere sholat, dadi wektu sing paling nggawe ringkih atiku. Yo mung angger sholat iki aku isa curhat. Curhat marang Gusti Allah..

“Pancene Estu kurang ajar, Wi.. Jarne wae. Muga-muga areke kena karmane..” jare Kanthi nglipur atiku.

”Iyo.. Cowok ora setia. Syukur isih saiki olehe slewengan. Coba nek wis rumah tangga rak yo blaen..,” kandhane Ayu semangat. Nyemangati awakku, sing kira-kira katone raga wis meh pisah karo nyawa. Alum nglucum. Ora nduwe semangat urip. Patah hati…

Abot sanggane wektu ngerti Estu tak temokne duwe wadon liya. Aku sing tresna banget karo arek iki, kaya ora nate mikir, nek siji wektu bakal ana kedadean pisah. Amarga, sasuwene pacaran, Estu arek sing banget perhatian. Sayang. Pengertian. Ora nate ingkar janji. Yen ana masalah, mesti dipecahne bebarengan. Aku percaya banget, yen tresnane Estu, segedhe tresnaku.

“Sepurane sing gedhe, Wi.. Aku ora isa nutugne hubungan iki..” Kalimate Estu nalika tak antep, milih aku apa Rina, wanita sing dipacari nek buriku. Lan kalimat kuwi, mirip bledheg sing nyamber awakku. Ambyar…

Wiwit kapan Estu njalin katresnan karo wanita liya, aku ora krasa. Amarga ora ana perubahan saka perilakune Estu marang aku. Tetep kuliah bareng. Mulih bareng. Kadhangkala mangan bareng. Saben ana acara lan aku butuh dhukungane Estu, areke mesthi ana sandhingku. Saben aku ana masalah, Estu ndhampingi aku. Uga suwalike. Ana acara sing Estu merlokne aku, aku ndhampingi. Nggarap tugas uga ngrewangi. Malah, nalika ana repote bab skripsi, aku sing melu repot, kaya-kaya aku sing lagi duwe skripsi. Melu nggarap nganti tuntas revisi. Nunggoni pas wisuda.. Apa sing salah..?

Estu uga babar blas emoh meneri jawaban, nalika aku takon, wiwit kapan dheweke njalin tresna karo Rani. Mung meneng. Intine siji. Jawabane siji. “Sepurane sing gedhe, Wi.. Aku isa nutugne hubungan iki…”

Sing ana hang bisa ngalangi niat iki

Masio tah samudro sun arungi

Sing ana hang bisa mbatesi welas iki

Masia ilang nyawa sun belani

Paran baen sung lakoni.. kanggo rika..

Lagu iki endah.. Padha karo endahe janjine Estu.. Nanging, janjine Estu gombal mukiya. Ora kena dipercaya.. jare siji-sijine, jebul ana liyane.. Sing bener, pancen separuh nyawane kanggo aku, separuh liyane kanggo wanita liya..

Alhamdulillah.. Bedhug dhuhur ngumandhang saka musholla kulon omah, pagaweyanku pitungpuluh lima prosen rampung. Aku ringkes-ringkes. Mlaku menyang ruang ngarep sing wiwit mau rame wong jagongan, Mas Pujo, sisihanku, karo kanca-kancane club sepedha. Padha gayeng ngunjuk cawisan kopi, teh, banyu putih, krupuk tela goreng, kacang, sawise touring. Dina iki aku ora nggabung.

“Moten dhahar siang wonten mriki sekaliyan..?” pitakonku marang kanca-kancane Mas Pujo nalika padha pamit kondur.

“Ora usah, Bu.. Iki Bu bojo padha nunggu ana omah..”

“Oalah… Inggih.. Salam kagem keluarga…”

Pak Aryo.. Pak Bani.. Pak Alex.. Pak Sentot.. Pak Budi.. miyos saka regol omah. Tak untapne karo Mas Pujo.

Sawise limang tahun patah hati, aku nemokne wong kang banget atine. Mas Pujo, sing saiki dadi sisihanku. Bapake anak-anakku. Gusti Allah ora nate maringi coba sing manungso ora kuwawa nanggung.. Sawise patah hati, aku entuk ganti kang ora kalah apik. Entuk hadiah lan kanugrahan kang ora isa diganti karo bandha Donya. Mas Pujo lan anak-anakku..

Tulungagung, Sabtu, 15 Pebruari 2020. 08.31 Wib.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post