Tri Sundari

Lahir 48 tahun yang lalu. Mengajar mapel Penjasorkes di SMPN 1 Kauman, Kabupaten Tulungagung, Jawa Timur. Mempunyai hobi menulis sejak kecil karena kesulitan b...

Selengkapnya
Navigasi Web
NAGIH UTANG MIDODARI

NAGIH UTANG MIDODARI

Hari Ke #12

#TantanganGurusiana

"Mbak Ta...!"

Aku mengo memburi nalika krungu swara renyah ngundang jenengku. Tanpa ngurangi jangkahku sing lambeyan tangan, karo nyangking tas kresek isi sayuran. Karo ngelapi kringet ana pipi lan bathuk, aku mesem. Akhire aku mandheg, meruhi Arumi sing mlayu nututi jangkahku.

Ketemu wanita ayu merak ati iki, aku mesthi wis langsung su'udzhon. Amarga, angger tangga sing ayu iki nemoni, mesthi ana butuhe.. Ah! Tak kedhepne mripatku, ngilangi pikiran ala.. Su'udzhon thinkingku sing kebablasen..

"Ora arep neng Matahari, Mbak..?"

Arumi wis njejeri jangkahku. Njur, mlaku njangkah bareng, arah omahku. Wiwit esuk aku wis resik-resik omah, umbah-umbah, njur tuku sayur ijo ana Lik Jum, tangga sebelah sing dodolan mracang, kebutuhan rumah tangga. Merga request saka mas Abi masak tempe penyet sayur sambel bawang.

"Ora, Jeng... Arep mborong pa'a..?" pitakonku ora ngurangi jangkahku. Pancen aku ora niat ngrumpi karo midodari iki..

"Ora, Mbak.. Mung pengen jelong jelong wae.. Jare kanca-kanca akeh diskon merk merk terkenal."

Jeng Arumi piyayine ayu sundhul langit. Mirip artis. Aku wae sing wong wadon, banget kesengsem ndeleng kulite sing putih bening. Praupane sing glowing. Mripate blalak blalak. Alise sing perfect. Lambene sing pink, lan bentuke sexi. Dedege sing lencir, nambah nilai fisike jeng Arumi dadi 99,99. Ora ana cacate.

Wong ayu iki kagungan garwa sing uga gantheng. Mas Bhirowo. Kontraktor sing sukses. Mobile sing ana garasi Pajero. Siji sijine mobil mewah ana perumahan iki. Motore Nmax lan PCX. Dadi wong ora nggumun yen gaya busanane jeng Arumi kesanne lux. Glamour. Barang sing dianggo barang-barang branded. Yen ana acara, jeng Arumi bakal sumunar kaya lintang neng langit sing remeng-remeng. Cumlorong.

Ning.. Kanggo aku pribadi, ana perkara sing aku kudu njaga jarak karo jeng Arumi. Dudu masalah iri utawa drengki. Ning aku wedi, nek suatu saat aku kena masalah.

"Tenan, Mbak.. Tulung tenan.. Marasepuhku opname, gek mas Bhirowo ana luar kota..."

Wektu iku, telung tahun kepungkur, jeng Arumi nangis ana ruang tamuku. Jarene, bapake mas Bhirowo serangan jantung, lan mlebu rumah sakit. Butuh dana kanggo nebus obat sing ora kena dicharge nganggo BPJS.

"Anane mung deposito, Mbak.. Ora isa dijupuk. Gek mas Bhirowo durung isa dihubungi, merga ana pedhalaman proyeke.."

Sawise rembugan karo Mas Abi, akhire dhuwit limang juta pindhah tangan. Ngampil sepuluh juta, aku karo mas Abi mung isa ngampili limang juta. Yo wis.. Muga-muga manfaat..

Janji sing diujar, ampilan dibalekne lek garwane kondur, kaya digelak angin.. Sesasi.. Rong sasi.. Telung sasi.. Setengah tahun..

"Jeng Arumi.. Piye..? Ampilane enggal diwangsulne nggih..."

Manis.. Semanak.. Alesan ndlilir saka lambene jeng Arumi sing sexi. Salahe, aku nagih nalika garwane pas lagi neng luar kota. Akhire, kapindho, aku dolan neng daleme. Merga Vita arep daftar bimbingan belajar, sing bayare meh telung juta. Alesanku pas. Ning, jeng Arumi isih duwe alesan sing luwih mantap.

"Minggu ngarep ya Mbak.. Wingi Anggi nembe nyuwun laptop. Laptope lawas rusak.."

Ohhh! Aku gemes.. Merga, kapindho mara nagih janji lan utange, wis tak pasne garwane kondur saka proyek. Pemikiranku, mesthi gampang, dhuwite lagi nglumpuk. Nyatane..?

Akhire, nyedhak setahun baru ampilane dibalekne. Ning yo kuwi, ora utuh. Dicicil, telung juta.. Aku istighfar.. Kaya ngene mungsuh wong sugih..

Wis kaping telu jeng Arumi tumindak ngene. Ngampil dhuwit kato nangis nangis, sing akhire aku ora tega, lan matur mas Abi. Diiyani ngampili jeng Arumi. Ning yo kuwi. Kaping telu atiku ditatoni lan digawe kuciwa. Kapercayan iki dicidrani..

Kondisi duwe ampilan, ditagih, janji.. semaya.. Ning, jeng Arumi isih foya foya.. Saben ana acara, ngebosi ibu ibu lingkungan. Menawa arisan ana daleme, suguhane wah banget... Beda karo sikape nalika ditagih utange..

Bola bali angger menyang Matahari bebarengan, ana wae alesane kanggo ngampil dhuwit, murih dibayari dhisik. ATM keri.. ATM.e trouble.. Utawa sedina wis ngetokke dhuwit luwih saka limang juta.. Aku istighfar.. Ana menungsa ayu kaya ngene..

Akhire, suatu wektu nalika ketemu ibu-ibu perumahan, aku mung isa njawab inggih.. Mboten.. Amarga, aku kaya diinterograsi.. Diajak ghibah, sing bener-bener wedi..

"Mbak Sarita kan kanca kethel karo jeng Arumi.. Mesthi ngerti kondisine.."

"Mboten akrab sanget kok Bu eR Te.."

"Kan sering miyos bareng to..?"

"Mboten ugi.. Pancen nggih nate medal sareng. Rumiyin. Sakmenika sampun dangu mboten sareng-sareng."

"Ampilane neng endi-endi lo.. Iki.. Bu Anjar.. Bu Bekti.. Bu Lilis.. Wis dadi korbane. Malah info saka lingkungan njaba, jeng Arumi yo kagungan ampilan neng PKK desa. Neng daleme bu Kades barang.."

Aku mung isa muji syukur ana ati, wis suwe aku njaga jarak karo jeng Arumi. Aku wis matur mas Abi, yen jeng Arumi wis mirip wanita sing kegedhen empyak kurang cagak. Penghasilane kakunge sing mungkin pancen gedhe, ning jeng Arumi katone dudu wong wadon sing prigel ngelola keuangan keluarga. Apamaneh kabar saka lingkungan, saka kanca kantor uga, akeh sing negatif, ngenani utang.

"Mbak Sarita uga dadi korbane jeng Arumi? Akeh ya Mbak..? pitakone dik Dian, tangga perumahan, pas arisan sasi wingi.

"Ora, Dik.."

"Mosok to, Mbak..? Lha meh kabeh ibu-ibu sing kerja dadi korban kok.." kandhane dik Dian karo mimik nggumun. Aku mung gedheg karo mesem.

Terakhir, setahun kepungkur, jeng Arumi ngampil dhuwit. Aku kekeh, ora isa ngampili.

"Mbak Sarita karo mas Abi rak nembe cair sertifikasine? Mosok ora kagungan, Mbak..? Iki mbakyuku arepe mantu. Aku diampili, sasi ngarep tak wangsulne.." kandhane jeng Arumi karo wajah penasaran. Asline, atiku mangkel pol. Kok nyandhak sertifikasi..? Apa hake..?

"Ngapunten, Jeng. Iki aku karo mas Abi ana tanggungan sing kudu dirampungne wulan iki."

"Mosok piyayi loro Pe eN eS lan wis sertifikasi kok duwe ampilan..?"

Dheggg!!! Jantungku rasane kaya mencolot saka dhadhaku. Aku istighfar.. Kok ana uwong ora duwe etika ngene..

"Wulan ngarep tak wangsulne, Mbak. Cumak limalas juta wae.."

Entheng banget jeng Arumi ngomong. Mek limalas juta.. Rasane kudu tak kabruk wong ayu ana ngarepku. Lha ampilane mbayar pulsa.. Mbayar klambi pas neng Matahari.. Sepatu.. Durung lunas.. Kok entheng yo nyebut nominal...?

"Ngapunten, Jeng.. Sasi iki aku karo mas Abi kudu nglunasi daftar haji.."

Aku emoh ndeskripsikne mimike jeng Arumi. Aku istighfar. Aku sombong. Ning aku ora duwe jawaban liyane. Merga iku sanyatane. Lan jawaban iku sing gawe jeng Arumi ora nembung ngampil dhuwit maneh..

"Ayolah, Mbak.. Mumpung akeh diskon.."

Lamunanku ambyar...

"Ora isa, Jeng.. Iki padha ngumpul ana omah. Mengko sore ya ana kondhangan karo mas Abi ana famili sing mantu."

Sawise basa basi sacukupe, aku mlebu omah. Jeng Arumi nutugne jangkahe nuju omahe. Ahhh.. Urip pancen endah.. Kaya endahe kulit lan rambute jeng Arumi sing tak sawang saka mburi..

Tulungagung, Minggu Wage. 23 Pebruari 2020. 15.17 Wib.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post