ODE KANGGO SUMITRA ING BUANGAN : Ery
Hari Ke #5
#TantanganGurusiana
Ora ana kang luwih endah kaya nalika
Sunarmu weweh warna ana wulu-wulu dara
Kang lagi sumendhe ing repeting sore
Ery,
Lintang ing dhuwur kamarku wengi iki
Kencar-kencar kaya cahyane lilin
Nalika bebarengan ana Wilis
Weweh rasa anget lan pangarep-arep kang jembar
Kang sasuwene iki amung ireng meles
Kaya warnane wengi tanpa rembulan
Yen tak kandhani rasa gela kuwi wus ora ana
Tapis bebarengan karo ucapmu kang lurus
Percayaa
Aku isih mitra kang tansah setya lan mengerteni
Yen pancen ing panguripan iki ana onak kang ngreridhu ing laku
Ing ati iki uga tansah dumeling
Yen nafsu ora bakal mrantasi ing gawe
Ery,
Pangestuku kanggomu kang wus sumeleh nebani
Sajembare lakon kang kebak ilu.
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Mantul
Terima kasih, Bapak..
terima kasih kembali