Tri Sundari

Lahir 48 tahun yang lalu. Mengajar mapel Penjasorkes di SMPN 1 Kauman, Kabupaten Tulungagung, Jawa Timur. Mempunyai hobi menulis sejak kecil karena kesulitan b...

Selengkapnya
Navigasi Web

Tresna Iki Kanggomu, Upik...

Thing thing... Nada message WA ning HP ngalihne fokusku saka setlikoan. Jam sepuluh luwih seprapat. Teve ana ruang keluarga wis sepi. Dinda karo Arya wis mlebu ana kamar. Muga muga wis padha bobok. Paket kanggo Dinda lan Arya wis tak kirim. Yen wis teka, WA yo... Pesen ana WA saka mas Prasetya. Ora tak bukak, mung tak waca saka display sing katon ana layar HP. WA ora tak bales. Wis dadi kebiasaan, yen ana pesen WA luwih saka jam sanga bengi, aku ora maca utawa mbalesi. Kecuali saka keluarga, utawa pesen sing penting banget. Mbiasakake wae ben ora dadi pakulinan. Apa maneh saka priya. Sinau saka kedadeyan sing nemahi kanca-kanca. Mas Prasetya kakak kelasku ana SMA. Sempat akrab sedhela. Saiki mungkin sing diarani Pe-Dhe-Ka-Te. Ndilalah yo durung jodhone. Malah mas Prasetya akhire pacaran karo kanca saangkatane. Sedhih..? Sethithik. Marga Mas Prasetya gantheng, santun, pinter, grapyak. Duduk badboy ana sekolah. Idholane kanca-kanca putri, merga sifat positife. Jaman semana, ana rasa mongkog nalika cedhak karo mas Prasetya. Lan ora banget sedhih nalika ora dadi pacare amarga mas Prasetya ora ngobral janji. Ketemu maneh limang tahun kepungkur, sawise meh limalas tahun pisah. Ora sengaja, ana klinik praktekan dokter, sing ana rawat inape. Dheweke bezuk kancane, aku ngeterake mas Bram, sisihanku, check up. Lumrahe wong sing nate kenal, jagongan ngalor ngidul saperlune. Ngretakake piye kabar, pira anak, uga pegaweyan. Sawise bubar ya pisah dhewe dhewe. Nanging, nalika telung tahun kepungkur mas Bram seda, mas Prasetya dadi sering komunikasi. Embuh saka ngendi ngertine, piyantune ya ta'ziah. Menehi wejangan, support, uga kekuatan. Awale aku ya biasa wae, amarga aku ngrasa, mungkin dadi wong sing padha padha rantauan. Suwe suwe aku rumangsa, ana perhatian khusus saka mas Prasetya. Ora cuma sering WA utawa telpon, kadhang mampir omah. Sering mundhutake barang-barang kanggo Dinda lan Arya. Meski pikiranku tak lurusne, mungkin amarga Dinda lan Arya yatim, ning ati sing paling jero ora isa mungkiri. Iki dudu bab hubungan biasa. Iki kudu mulai diendhegake. "Aja tersinggung, Pik. Iki mung kanggo Dinda karo Arya." "Iya. Matur suwun sanget, Mas. Support panjenengan sasuwene iki kanggo aku sekeluarga. Ning aku wedi Dinda karo Arya dadi tergantung." "Ora apa-apa. Malah peneran yen Dinda karo Arya terus butuh aku." Wektu iku tak sampekne marang mas Prasetya, aku lan bocah-bocah ora pengen tergantung karo sapa wae. Lan aku ngucapake panuwun sing gedhe banget entuk perhatian saka mas Prasetya. Embuh tersinggung, embuh memang lagi repot, mas Prasetya ngurangi intensitas silaturahmi ana omah. Nanging, pesen WA isih sering. Isine nakokake kabar. Kabarku, Dinda, uga Arya. Kadhang ya mung ngirimi ukara-ukara wae. Utawa gambar. Utawa guyonan sing dishare saka grup. Barang-barang kiriman kanggo Dinda lan Arya kadhang dikirim lewat gosend utawa paket. Kaya wengi iki sing disebut ana WAne. Embuh moment apa wae, mas Prasetya duwe alesan kanggo ngirim hadiah kanggo Dinda lan Arya. Ulang tahun. Tahun ajaran anyar. Mulih saka luar kota utawa luar negeri. Saking seringe, aku uga pesen kanggo anak-anakku, aja tergantung marang mas Prasetya. "Om Pras nyenengake, Bun.. Gantheng.. Apikan.. Seneng menehi hadhiah," jare Dinda. "Iya. Wiwit biyen Om Pras wonge apikan, Nda. Ning aja nganti tergantung, njur ngarep-ngarep paringane lo.." "Ya ora apa-apa lo Bun.. Kan Om Pras ya perlu nggon sadaqoh..," jare Dinda karo mesam mesem mbukak kiriman sepatu. Ndilalah anakku ora nate kekurangan katresnan saka aku lan mas Bram. Dadi, bareng mas Bram seda, ana perhatian saka wong liya, ora ndadekne bocah loro iki dadi tergantung marang liyan. Termasuk Arya sing isih ana kelas telu SMP, positive thinking banget karo kabeh kahanan sing kedaden. Sopan, cerdhas, tangguh, ditinggal mas Bram seda. Bener-bener marisi gen saka mas Bram, priya gantilaning atiku sing wis kapundhut Gusti. "Aku randha, Mas. Rasane ora pantes yen Panjenengan sering tindak mrene," kandhaku nalika dina Jumat bengi mas Prasetya mampir ana omah. "Apa ana kabar ala? Gosip..?" "Ya ora, Mas. Ning, aku sing kudu njaga. Aku emoh ana kabar miring kanggoku lan bocah-bocah." "Ya yen ana, ora usah digubris. Wong awake dhewe ora nglakoni apa-apa. Aku ya mung silaturahmi." "Ya ora isa ngono, Mas." "Sampeyan ora berubah, Pik. Pancet kaya biyen. Ngati-ati." Aku mung mesem krungu jawabane mas Prasetya. Kelingan nalika diajak mas Prasetya dolan, lan aku nolak, jalaran mas Prasetya wis pacaran karo mbak Katrin. Jarene, aku weden banget. Wedi nek kena gosip ngrebut pacare wong liya. "Padhahal aku gelem kok rebut lo Pik," kadhane mas Prasetya jaman semana. Aku mung ngguyu kemekelen wae, rumangsa digodha mas Prasetya. # Dina iki, limang tahun sedane mas Bram. Dinda wis kuliah ana Malang. Arya kelas loro SMA. Rasane mung syukur marang Gusti, aku diparingi kapercayaan lan kekuatan nggedhekake bocah loro iki, tanpa didampingi sisihanku sing tak tresnani. Ana kantor aku ya nikmat banget. Mungkin amarga aku tipe pekerja, lan anak-anakku sing banget tanggung jawab ana uripe. Alhamdulillah ora nate ana masalah, meski ditinggal seda mas Bram isih remaja. Ora dadi nakal. Ora masalah ana pendhidhikan. Rasa syukurku ora kena tak gambarne nggawe ukara. Thing thing... Nada message WA ana HP ngalihne fokusku saka ngrekab data ana meja kerjaku. Ana WA saka mas Prasetya. Mengko sida dinner lo ya.. Aja dibatalke... Aku mung mesem maca WA. Kaya bocah enom wae. Umur meh seket tahun kok kaya bocah. Apa merga kemajuan jaman..? WA tak jawab ngiyakake ajakane mas Prasetya wiwit wingi. Iki kencan resmi sing embuh kaping pira. Rasane atiku kaya bakul kembang, wangi lan mekar, angger mas Prasetya ngajak janjian. Kaya arek enom maneh. Rasane kaya wong pacaran. Kaya rasane nalika aku kencan karo almarhum mas Bram. Telung tahun kepungkur nalika mas Prasetya sering mampir ana omah, ternyata lagi proses ngurus cerai karo garwane. Mbak Lastri sing ayu, katut Janaka liya sing luwih gantheng lan sugih. Meh setahun prosese, jalaran mbak Lastri sing nuntut cerai, tetep kukuh hak gana gini uga hak asuh putrane sing ontang anting. Dewa. Bocah sing gantheng, nurun paras ayu saka ibu lan gantheng saka mas Prasetya. Sawise kabeh proses cerai rampung resik, mas Prasetya baru crita blaka suta. "Yen oleh gawe guyonan, aku wis pesen kavling, Pik. Aku emoh kelangan sampeyan maneh." Aku mung nggleges. Bareng saya sepuh, mas Prasetya saya nggombal mukiya. Padhahal biyen nalika SMA, bahasane polos, lugu. "Ketemu sepisan pas karo sisihan sampeyan, ngeterake Dewa neng dokter, aku wis masalah karo nyonya. Sering banget ana masalah. Aku mung menehi pangapura, jalaran wis ana Dewa. Ning, bareng Lastri ngajokake cerai, tak trima. Mungkin salah sijine merga ketemu sampeyan." Nggombal maneh. Ning ana jroning ati aku seneng. Hubunganku karo mas Prasetya ora ngrusak pager ayu. Nanging, aku durung isa menehi jawaban mas Prasetya. Atiku isih kanggo almarhum mas Bram, uga bocah-bocah. Dinda lan Arya. Mas Prasetya tetep dadi wong bijak. Ora nate nyritakake masalah keluarga, uga garwane. Bareng proae cerai tuntas, baru gelem blaka apa anane. Lan sasuwene rong tahun iki, yen Dewa bali liburan kuliah, mesti diajak silaturahmi ana omah. Katone memang sengaja dikenalake karo aku, Dinda, uga Arya. Lan alhamdulillah, bocah telu ora nate protes ngenani hubungan iki. "Bunda ora apa-apa yen nikah maneh karo om Pras. Om Pras ayah ideal selain ayahku, Bun..," jare Dinda. Anak mbarepku. Atiku trenyuh. "Dik Arya uga sayang karo om Pras lan mas Dewa kok, Bun.." "Tante ora kersa nikah karo ayah, nggih..," pitakone Dewa nalika liburan semester wingi. Dheweke dolan neng omah dhewekan, ora karo mas Prasetya. "Ayah ketawise cinta sanget kalih Tante. Asring crita, menawi Tante cinta pertamanipun Ayah. Ning Tante tolak." Aku ora isa ngomong apa-apa. Mung blangkemen ana ngarepe bocah gantheng iki. "Harapan kula, Tante kersa ndhampingi Ayah. Mesakaken Ayah. Mama asring nyakiti penggalihe Ayah." Dhuh! Apa iki utusane mas Prasetya..? Aku percaya nalika Dewa matur nek mas Prasetya ora ngutus matur kaya ngono. Putrane iki pengin ayahe bahagia, meski ora karo mamane. Atiku bener-bener trenyuh. "Wis suwe nunggu...?" Lamunanku buyar. Mas Prasetya wis ana ngarepku. "Durung, Mas. Sauntara kok," jawabku karo nyalami mas Prasetya. Jagongan ngalor, ngidul, ngetan, ngulon, karo ngopi. Rasane kaya pacaran tertundha karo mas Prasetya nalika SMA. "Pik.. Aja ditolak maneh ya. Gelem dadi sisihanku?" Terus terang, aku kaget. Ora ngira wengi iki mas Prasetya ngendikan ngono. "Biyen SMA aku wis sampeyan tolak. Percayaa, tresna iki kanggo Sampeyan." Kelingan critane Dewa. Jare aku nolak tresnane mas Pras. Padhahal, aku sing rumangsa ora kepilih. Ternyata, mas Prasetya wis wedi sadurunge muni tresna, jalaran aku duwe kanca-kanca cowok sing raket. Akhire pacaran karo mbak Katrin. Lan nalika ngomong yen atine gelem direbut, sabenere memang ngajak pacaran.. "Piye, Pik..? Bocah-bocah yo wis setuju " Aku mung manthuk. Mung manut wae, nalika wengi iki tanganku digegem kenceng sasuwene jagongan ngetekake wengi karo crita sing gawe atiku tatag, lan tambah syukur.
DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Aduh kelingan sing ora-ora...ceritane garakke baper

01 Mar
Balas

Inggih, Bu Enge...

02 Mar



search

New Post