Guru Ndeso CFD Nang Jakarta
Bubar upacara rasane ngelih banget. Maklum kawit esok durung kelebon apa wae. Arep ngajak maem Pak Ali karo Bang Oni ngendikane gak tahu sarapan. Ngintir-intir yen sarapan. Kok do nggowo kerdus snak ya? Ora tedeng aling-aling isin aku takon soko ngendi anthuk snak. Jare gari njupuk nang pinggir-pinggir. Sebelah taman. "Tinggal ambil saja, emang disediain buat kita." Ngendikane Bu Wulan soko Kalimantan. Aku nyedak, kok do njupuk. Aku melu-melu njupuk. Lagi arep balik kanan, ana suwara mbengok, "Bu! Dari mana? Catat sini dong. Masak tinggal comot aja." Breng sak kal raiku abang branang mergo isin, yen ana kaca pengilon mestine. Aku mbalik trus nulis Solo. Tak tinggalne suwara ngumel, kon nulis daerah asal kok do ra gelem.
Awan wektune maem, aku wis ora gage-gage njupuk. Rasane isin yen sampek diluruhi kaya mau esok. Untunge kanca mediaguru pada apikan ulung-,ulungan kerdus maem, digoleki sing durung komanan maem. Sanajan rung kenal, begitu weruh nganggo pin HGN Mediaguru, sak kal dadi srawung.
Acara pameran, kaya kemaruk aku saka stan nyang stan liyane. Seneng. Bisa ngoleh-olehi buku kagem kepala sekolahku ugo kanca-kanca sak sekolahan. Sasate mborong toko, mergo pating bedondot kiwa tengen, tas rangsel sisan. Saking keselku aku dlosor nang ngisor tangga. Sandal dak copot, hiasan lan gelungan dak copot siji mboko siji. Nglesot golek penake sikil, karo ngenteni Bu Wahyu. Janjian arep sak kamar karo Bu Wahyu gagal mergo aku krungu editor didadekke siji. Yo wis lah yen kudhu mengkono, sak kamar karo sopo2 yo ra masalah angger sak kamar podho putrine, yen karo kakung lha kuwi dadi bahaya.
Wis sak wetoro anggonku ndlosor, aku weruh piyantun kakung sing mbuang buku sak tumpuk. Sing dijupuki mung tas laptop, payung bolpen lan sakpiturute sing entheng-entheng. Kathone dudu saka mediaguru wong ora nganggo pin HGN. Aku mbaten wong sing ora nduweni rasa hargai pewehan wong liya yo ngono kuwi. Jan- jane rasah tampani timbang tampani ning trus diguwang. Piye jal rasane sing mewehi yen weruh pewehane diguwang.
Linggih nang gedhung apa wisma Insan Cendikia ya lali jenenge pokokke lantai bawah tengah. Ana penyerahan penghargaan guru berprestasi, seneng nyawang kancane anthuk penghargaan. Bubar penyerahan penghargaan, seminar sing pembicarane Pak Mentri Pendidikan. Rasa kanthuk kesel ora dirasa maneh, ngeloni siji mboko siji pasamuan nang gedung kemendikbud.
Nganti sore aku, Bang Oni, Pak Joko Plengeh, Pak Ali lan salah siji rencange Bang Oni sing saka Lampung nang kemendikbud. Bang Oni ngayahi kanca-kanca sing njaluk tulung di prinke cover bukune. Aku ngenteni Mas Adam karo Mas Iwan. Urusan karo Mas Adam cover sing wis dipigura, urusan karo Mas Iwan kaos sing kanggo CFD sesuk. "Lho coverku salah jeneng punggunge dudu jenengku." Ana rasa kuciwa nanging piye meneh? Dibalekne? Ora ngrampungi wong sesuk dinggo CFD. Sak liyane kuwi, aku ngetrepke awakku yen ngladeni wong sakmono akehe tartamtu yo keder dadi kliru. Mesakne yen aku ra trimo trus tak balekne, wis ben sing penting jeneng ngarep ora salah.
Sore-sore ngegrape nang LPMP, aku, Pak Ali lan Bang Oni. Aku antuk kamar tingkat 1 kamar no 3. Pak Ali karo Bang Oni ing tingkat telu. Kamarku isine telu, Mbak Lia, Bu Madanta lan aku. Mbak Lia asale soko Grobogan po Pati ya aku capet-capet ra kelingan. Bu Madanta soko Kalimantan. Sayuk sanajan maune ora kenal. Golek mangan bareng-bareng, nggrape bareng-bareng rasane seneng banget.
Esok-esok bar dho subuhan wis padha ayu lan bagus. Nganggo kaos HGN, nggowo buku lan cover. Kawit sore aku nggolei Mas Yasin ora ketemu, kaya angslup saking sibuke. Mas Yasin, endhi bukuku? Pitakon kuwi mubeng terus nang pikiranku. Wingi nang pameran buku sing 3 buku aku wis tak temokne. Sing tak golei ki bukuku sing cacahe rong puluh. Kat wingi rung ketemu, ngendikane Mas Yasin wis ana. Niat barter buku ora biso kaleksanan.
Tekan kemendikbud, Pak Ali karo Bang Oni wis ana. Esuk dewe. Luwih isuk lhe teko timbang panitiane. Ciloko tenan. Hpne Bang Oni ketinggalan nang Grape. Untung wae mau lhe nilpun nganggo hpne Pak Ali, dadi iso nglacak no sopir grape. Ndilalah bejo kemayangan tenan, sopire yo apikan. Begitu di telpon trus ndang diterke nang kemendikbud. Ngendikani Bang Oni koyo baline separo atine kang ilang.
Lia ditelpon salah sijining panitia CFD, kon nggawakke MMT soko kemendikbud nyang Sampurna. MMTne jebul abot banget, mulo dipanggul karo Pak Ali. Otot kawat balung wesi tenan pak guru olah raga soko grobogan iki. Mlaku adhoh jih manggul MMT sing bobote ora kurang soko telung kilo. Dipanggul, dipinggang gantian. Nganti adus kringet tenan. Jebul kuciwo tenan teko sampurna wis padha mlaku dewe-dewe koyo ra ono sing ngatur. Pancen ngatur guru ki justru angel po yo? Mergo kulino ngatur yae dadi angel diatur. Mesakne Bu Yuli nganthi judhek leh ngomongi mlaku bareng-bareng. MMT pasrahke panitia, Pak Ali krenggosan tenan MMT ra ono sing nggagas. Akhire Bu Yuli turun tangan mbagi sing nggowo MMT.
Ana wong adhol teh botol, aku tuku papat nggo aku, Noor Lia, Bang Oni lan Pak Ali. Laku dilanjutne karo foto-foto. Mandek nang Semanggi foto-foto trus mbacutke laku. Ana sarana teh botol sosro gratis, aku Bang Oni lan Lia foto karo kenyo ayu nggowo teh botol sosro. Ketemu bule, foto bareng ketemu turis foto bareng. Ketemu polisi foto bareng. Ketemu petugas DLLAJR foto, tukang bangunan, satpam lan rombongan ondel-ondel. Seneng banget senajan aku kelangan bukuku. Mediaguru pancen bisa dipercaya tenan bukuku ilang rong puluh, MG tanggung jawab ngganteni.
Tekan kemendikbud. Kegiatane pameran buku Mediaguru lan ngumumake telu penulis sing antuk penghargaan lan penulis gurusiana populer. Gurusiana populer yaiku Pak Leck Murman.
Sak durunge muleh aku foto buku kang hasil soko sagu sabuSolo, kanggo wenehi weruh iki lho buku kelas Solo podho dipamerke. Kareben ayem seneng bukune wis nangkring nang Kemendikbud.
Ing pojokan akeh cover sing ijih digelar kiro- kiro selawe cover buku. Dak foto. "Buat apa ini difoto?" pitakone Bang Oni. "Mau aku unggah di gurusiana. Untuk pembelajaran agar bertanggung jawab. Berani pesan berani ambil. Aku kasihan Njenengan Rp 5.000,00 x 25 = Rp 125.000,00 memang tidak seberapa. Namun Njenengan sudah berkorban waktu semalaman tidak tidur prin ini. Bahan tinta dan kertasnya Njenengan kan harus beli. Aku lihat sendiri betapa beratnya bawa sekian ratus cover, dari kota Njenengan, stasiun, dari lpmp ke Kemendikbud, kemendikbud ke Sampurna ke Kemendikbud lagi. Ini perlu diungkap untuk karakter guru juga. Coba lihat Bang ini di gelar begini, yang pesan tentu diantara ini, menengok saja tidak apalagi mengambil". Kameraku dijupuk soko tanganku, " Menolong harus total meskipun dapat imbalan tidak baik, jangan di share ya, sudah biarkan saja".
Aku amthuk pelajaran berharga soko HGN, rasa kebersamaan di HGN merga padha-padha Mediaguru, salut kanggo Mbak Yuli sing perjuangane sampek pirang-pirang mbengi ora sare. Pelajaran tulung tinulung kanthi iklas sanajan rugi wektu, tenaga lan rupiah. Kanca kabeh sing bantu biyantu kareben ora ana sing keblasuk. Aku yen ra WAnan nang grup, mestine aku ilang nang kutha gedhe dewe sak Indonesia iki. Ngguyu dewe rasane yen kelingan nang Stasiun Senen, adhus nang kamar mandi umum pinggir stasiun, dandan gelungan nang gang sempit. Aku enthuk sedulur saka Jogja, Pati, Grobogan, Kalimantan. Seneng banget rasane. Aku yo anthuk pengalaman numpak montor mabur, matur nuwun Pak Joko sing ngeterke Bu Wahyu karo salah sijine sederek nunggal Media guru nang Stasiun Gambir, wis ngeterke aku karo Bu Lilik nang Bandara Sota. Matur nuwun Bu Lilik sing sabar ngajari aku boardingpass, nukarke karcis, ngeterke aku nang jalur songo, uga nitipke aku marang piyantun kang padha-padha arep nang Solo. Matur nuwun kanggo kenyo pegawai Prodia kang ngewangi aku nggowo barangku, ngajari aku munggah montor mabur metu lawang ngarep mergo nomor linggihku nomor nembelas.
Nang pesawat aku lungguh no 16. Ana penjelasanreno-reno, nanging sing kanggo pengelingku kursi 16 karo 17 ora enthuk ana barang siji wae sing dipangku. Amarga lawang kuwi lawang darurat kanggo situasi bahaya metu soko kuwi. Carane mbukak diajari pramugari handel ditarik mudhun, yen arep mbukak kudhu nganteni aba-aba soko pramugari. Akeh pengalaman liya-liyane sing bisa dak jupuk soko pengalaman HGN 2017 wingi.
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Ceriane komplet nggih bu.
Komplit Bu Sumarsih, matur nuwun kunjunganioun
Semangat bu yuni menulis dan terus menulis
Ya Bu Lidya, mksih buat semangatnya, semoga njenengan juga sehat dan sukses selalu
Siip mb yuni..ditunggu cerita selanjutnya..
Siip mb yuni..ditunggu cerita selanjutnya..
Siip Mbak Tiwi terimakasih atas kunjungannya