Tri Yuni Kris

Tumbuh dari ketidakmampuan dan keterbatasan, namun bisa bangkit dan membuktikan bahwa dari keterbatasannya bisa berprestasi. Lahir dari tiga bersaudara dari Suh...

Selengkapnya
Navigasi Web

Dagelan Tenan Po Yo?

Dagelan Tenan Po Yo?

Esuk-esuk aku sigrak tangi. Tumandang nyiapke sarapan. Ora lali kopi panas cemepak kanggo Bapakku, ugo sigarane nyowo ku.. Rampungan kabeh banjur gage-gage adus. Dandan nyithit bedho karo padatane. Wedakan lan gincunan. Rodho mblengor Yen dho ngarani. Wes ben rep potho iki. Meh disawang wong akeh, dadi kudhu kethok besus bedho karo padatane.

Sak durunge mangkat acara, nindakake penggawean kang wis dadi padatan. Jam setengah sewelas ngeterke anaku sing nomer 3 mulih nang ngomah. Sawuse ngeterke banjur jlirit blndhang playu mancal mio lusuh ku. Nang ndalan wis bayangne anthuk penghargaan. Sing nang ngomah yo podho reti yen mbokne arep nompo piala. Juara telu ra popo sing prnting ngajari anak kareben sregep sinau. Mbokne sing wis bangkrongan yo ngene we ijih seneng sinau. Heh ......ra kriso wis teko hotel sing dinggo pasamuan. Gage-gage golek papan parkir sing eyup tumuli karo clilang clileng golei konco sing wis mangkat kawit mau. Aku digolekke panggonan nomer telu soko ngarep.

Diumumke aku juara siji, lha dalah. Mesti salah leh moco. Aku ngadek ana papan kanggo juara telu. Sing nyerahne piala ndilalah koncone bapakne bocah-bocah. Kathon rodho bingung pas nyerahne juara siji katulis jenengku. Teko ngarepku, samsoyo bingung mergo map sing diserahne nyang aku dhudhu jenengku. Kapekso piala Karo piagam diserahne nyang aku.. Bareng teko papan linggihku mau aku kaget, lagi sadar yen map sing tak tompo dhudhu jenengku. Map tulisan juara telu. Waduh kliru berarti. Tak bukak map mau dhudhu jenengku. Soyo bingung njobo juara telu, njero juara siji.

WA soko grup ibu-ibu kantore bapakne bocah-bocah ngucapke selamat juara siji. Waduh aku dewe ijih bingung jan-jane juara piro? Sak durunge mulih, aku ijolan nap Karo sing nduweni jeneng ing map sing tak gowo. Map tak tompo. Ing map ana jenengku, juara siji. Eluh ....tak bukak njero ugo juara siji. Piye tho iki juara siji kok loro?

Sambi ngepit aku mikir ah yo wis ben, ra tak gagas. Tapi kok yo dagelan yo juara sijine loro, juara loro siji. Lagi tumon iki lho, juara sijine ana loro. Nompone piala juara telu, piagam juara siji. Tak WA panitiane jare Pak sing mape tak gowo juara loro. Samsoyo bingunhke neh tho? Tak jelasne babagan map karo piagam. Jawabe kucu jare salah ketik. Salah ketik? Mapku ro piagam podho juara siji, nggone kancaku bedho antarane map karo isine. Asmbuh ra sah dipikir abot juara ora juara ra masalah sing penting okeh sopo karya tulisane.. Aku ming mesem yen enthuk ucapan selamat juara siji, mergo ming tulisane thok. Dagelan ra lucu iki mugo-mugo ora dialami liyane aku. Mergo isin ......banget bacut gawe status menang jebul salah leh ngetik. Iki jenenge lomba dagelan, pialane dagelan piagame yo dagelan. Pesertane samsoyo dagelan. Usus dhowo. Ojo sok berharap mangkane....ha....ha.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post