Becak Glinding Limo
Isuk iku Aris wis tangi luwih isuk tinimbang biasane. Kadingaren. Ibune sampek gumun. Tangi turu langsung adus, melu jama’ah subuh nang masjid. Sampek bapake kamitenggengen. Tapi yo di jarke wae. Sopo ngerti mambengi oleh wangsit….
“Ngimpi op bocah iki. Biasane angel digugah tangi, lha iki. Liyane during tang iwis tangi ndisiki” ujare bapak.
“Pak monggo bidal” ngono ujare Aris.
“Ayo. Assalaamu’alaikum bu. Aku karo Aris budal disik yo” ujare bapak
Sak mulihe teko masjid, Aris salin klambi. Klimis macake. Dino iki deweke arep semayanan karo Hamid. Wingi bapake Hamid nyemayani arep ngajak Aris karo Hamid dijak lungo menyang Pantai Gemah sing wis ksuwur iku.
Bocah loro kuwi during weruh Pantai Gemah. Konco-koncone wis podo dolan mrono. Hamid karo Aris ming ngrungoke wae critane koncone sinambi ndomblong koyo bagong. Ngowoh.
Sak wise pamitan ibu bapake, Aris agi-agi menyang omahe Hamid. Ambune klambi wangi, atine semriwing. Wis kebayang senenge nglangi neng pantai Gemah, numpak ATB. Mesti asyik.
Tekan omahe Hamid, Aris bingung kok omahe Hamid sepi. Lawange ditutup rapet. Aris ngubengi omahe Hamid. Inguk-inguk jendela. Ning ora ono uwong blas.
“Hamid…Mid. Aku wis nang kene. Kowe nang endi ?” Aris bengok-bengok nyeluki Hamid.
“Ono opo le.?” Pak Haji tonggone Hamid pitakon
“Niki Pak Haji, kulo madosi Hamid. Semadosan badhe dating Pantai Gemah.” Sahurane Aris
“Oh ngono. Iki mau Pak Ruslan bapake Hamid digowo menyang dokter. Jarena dientup tawon. Mestine yo ora sido lungo Pantai Gemah le” Ujare pak Haji.
“Oh inggih. Mboten nopo-nopo. Matur suwun Pak Haji. Assalaamu’alaikum” Jawabe Aris
Aris kluntrung-kluntrung mulih. Praupane acum. Bayangane arep seneng-seneng nang Pantai Gemah ilang sak naliko. Kadung klamben apik, wangi pisan.
Dasar nasib….nasib. Becak Glinding Limo. Kadung macak ndak sido lungo….
--------------------------Paripurna-------------------------
Penulis sengaja ingin menulis cerita dalam bahasa Jawa. Sekalian mengenalkan anekdot dalam Bahasa Jawa “ Becak Glinding Limo, Kadung Macak Ndak Sido Lungo” artinya : Becak Roda Lima, Terlanjur Bersolek Tapi Ndak Jadi Pergi.
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Oalah...Becak ngglindhing limoTak kira tenan, tiwas kepo
he..he..
Jadi belajar bahasa jawa dulu ni buk. Keren bu siapa lagi yang akan melestarikan bahasa daerah kalau bukan kita
inggih bunda=iya bunda
Meski dari Jawa, saya malah belum pernah nulis cerita berbahasa Jawa ... Salam literasi ...
hayo..dicoba
wah jadi ide juga nih buk, kedepannya nulis pake daerah, saya asli gak paham bu, hihi, pasti keren banget, salam sukses bu, dan salam literasi
nanti sy tulis versi translatenya bun.
Sedikit-sedikit paham..krn d bntenmh Campur an bahasanya bun.salam literasi
salam literasi
Kereen buu, ide tulisannya. Tapi saya ga paham dan jadi pengen belajar bahasa Jawa :)
Duh biyung tak kiro becak glinding limo ki opo. Jebule kadung maca ra sido lungo. Iki nek krungu mas ucup klaten digawe viral . Ha..ha..
Macak
sipppp. trm kasih semuanya...
Apik tenan
Sabar yo le. Mantap bun