Urip Subagyo

Dilahirkan dari rahim seorang Ibu. Hidup dan menetap di lereng gunung bagian selatan Kab.Pekalongan yang berbatasan langsung dengan Kab.Banjarnegara. Petungkriy...

Selengkapnya
Navigasi Web

KATRESNAN

Katresnan iku geguritaning urip sejati kang maggon ana thelenge ati. Manunggal sukma, manunggal rasa ing panca lan ndriya yaiku kanggo pepadang sakjroning pepeteng kang bisa digawe nanging aja digawe-gawe.

Katresnan iku kasunyatan ngedohi tumindak angkara murka lan culika kaya dene drengki, iri, srei lan roti open.

Katresan iku larang regane ora bisa dituku lan ditiru sarana bandha dunya lan raja brana liyane jalaran toh-tohing nyawa.

Katresnan iku sarana dalan kang tumuju marang bebener.

Kebak dening rasa lan pepadhang, lila lan legawa tulusing bathin. Kaya dene godhong gogrog saka uwit kang kasapu angin. Ora ngarep-arep bakal baline melu ngrasaake panandhanging liyan.

Katresan iku ora mbedak-mbedake pendek duwure pangkat, asor luhuring drajat lan gegebengane urip kang rinasuk. Anane mung sumeleh welas lan asih. Suka pitulung marang sapa bae.

Katresnan iku prayata umur tuwa dudu umur dawa. Urip tanpa cacat lan cidera ing ngarsaning Gusti Pangeran sing nguwasani pati lan urip.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Tresna ing telephone ati. Sae... Pak. Gesang dados ayem.

25 Jul
Balas

njih bapak mugi saged telephone

08 Aug

Seiring antara hati,lati dan kaki

25 Jul
Balas

njih leres ibu

08 Aug



search

New Post