VS Kurnianingsih

Veronica Sri Kurnianingsih, S.Pd Bekerja sebagai guru IPS di SMPK St Vincentius Surabaya. Jalan Tidar 115 Surabaya. Alumni IKIP Negeri Malang, angkatan ...

Selengkapnya
Navigasi Web
MALEM JUMAT LEGI ING PUHSARANG KEDIRI

MALEM JUMAT LEGI ING PUHSARANG KEDIRI

Desa Puhsarang Kediri, wonten Gua Maria ingkang ageng, kagunganipun Keuskupan Surabaya.

Sabun malem Jumat Legi, wonten sembahyangan manut cara Katolik, ingkang mimpin misa manut jadwal panitia misa.

Malem Jumat Legi, 20 Desember 2017 misa dipimpin Romo Hartoyo saking Nganjuk, dibantu Kaliyan Romo Domi, Romo Fransiskus, Romo Katri, Romo Prasetyo, Romo Widodo, Romo Karnan. Paduan Suara saking Paroki St. Paulus Nganjuk.

Misa punika kagem ngucapke syukur marang Gusti, nyuwun marang Gusti tetulung kangge kelancaran rejeki, kesehatan lan nyembayangake leluhur ingkang sampun kapundut marang Gusti.

Umat ingkang rawuh Dateng misa Jumat Legi punika kathah sanget, wonten ingkang saking Jawa Timur, Jawa Tengah nganti Jawa Barat. Kendaraan milai sepeda motor, mobil nganti bus ageng ngebakki parkiran.

Misa Kudus milai jam sewelas dalu, wonten misa punika kotbahipun Romo Hartoyo nyuwun dateng para umat supados saget nyiapake hati, pikiran lan tumindak ingkang sae supados siap ngrayaake natal.

Manungsa kerep luput, tuladhane, manungsa kerep lali ngucapke matur nuwun marang pawongan kang wus gelem sabiyantu. Kerep uga awake dhewe mung ndelok kesalahane wong liya lain malah nambahi nyeneni. Mendag sedhihe pawongan ingkang diseneni? Aja mung diseneni, wong liya lali ngucapke matur nuwun wae sawise dibantu, awakke dhewe wes ngresula. Geneya mangkono? Krama matur nuwun ngono sawijine pangaji-aji utawa penghargaan marang liyane. Awake dhewe ora perlu aweh barang kang banget aji marang pawongan kang wing mbiyantu, mung cukup kanthi ngucapke matur nuwun, wong liya wisata bagya, mulya, sarta nedha nrima.

Mula saka kuwi aja lali tansah nyuwun pangapura nalika awakke dhewe tumindak luput/salah. Ora ona alane pawongan ingkang njaluk pangapura luwih dhisik. Njaluk pangapura ngunu mung bisa ditindakake dening pawongan ingkang kagungan jiwa agung. Krama pawongan punika sampun saget merangi diri priyanggane dhewe lan kasil nglawan pepinginane kanggo tansah rumangsa paling bener dewe.

~Renungan sore akhir tahun 2017

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Kemaren say jalan-jalan ke Kediri. Ibu tinggal disana kah?

31 Dec
Balas

Saya tinggal di Surabaya Bu. Bu Sri tinggal di mana?

31 Dec
Balas

Saya tinggal di Surabaya Bu. Bu Sri tinggal di mana?

31 Dec
Balas

Lo lo tgl 20 desember puniko dalem njih sowan dateng Gua Maria Puh Sarang. Menawi dalem mangertosi panjenenganipun tumut angrawuhi pahargyan " LEGIAN" dateng Gua Maria Puh Sarang rak saged seged nyuwun tapak asmo. Amergi saking lumubere umat Katholik ing rawuh tangeh lamun dalem saged kepanggih kalian Ibu Kurnia. Sekedik angsal pengalaman ingkang aji dumateng kawulo ingkang karoyo royo saking Jakarta bade sowan kanjeng Ibu ingkang disimbolaken lenggah wonten dampar Asri Kuto Kediri. Mugi mugi kulo panjenengan sami tansah angsal lumebereng katresnan lan saged kasembadan menopo ingkang dados panjongkonipun. Matursembah nuwun ibu Kurnia, berkah dalem

31 Dec
Balas

Kulo kangen gua puh sarang Kediri... Pingin sowan...

31 Dec
Balas



search

New Post