Serat Cemporet : Piwulang Tumrap Pawestri
Serat Cemporet : Piwulang Tumrap Pawestri
Dening : Wasana
Serat Cemporet iku seratane R. Ng. Ranggawarsita awit saka dhawuh keparenge Ingkang Sinuwun Sri Paku Buwana IX raja Surakarta Hadiningrat. Anggone nyerat katiti mangsa kanthi sengkalan Song-song Gora Candra. Sengkalan iku tetembungan utawa pralambang kang nuduhake utawa nduweni teges angka taun. Sengkalan Song-song Gora Candra, kuwi nuduhkake angka tahun Jawa 1799.
Serat Cemporet migunakake ukara kang ngrawit, sugih purwakanthi, lan basane alus manuhara nganti kemanuharanen (Poerbatjaraka, 1954). Saliyane migunakake basa lan sastra Jawa sing endah, Serat Cemporet ngandhut carita kang kebak pitutur luhur. Ing antarane yaiku piwulang tumrap para wanita angggone dadi suhing bale wisma minangka ibu rumah tangga lan ngayahi jejibahan leladi marang garwane.
Ing Serat Cemporet disebutake ana bocah wadon arane Rara Sarwasri putrane Resi Drawa lan Endang Rasi. Rara Sarwasri katon wis diwasa pawakane, resik pakulitane, lan sumeh pasemone. Jumbuh karo jenenge Sarwasri kang bisa ditegesi sarwa asri (serba indah), sarwa asri rupane/kaanane. Nanging Rara Sarwasri ana kuciwane, dene sanajan wis katon diwasa pawakane nanging durung diwasa mentale. Fisike wis katon diwasa nanging psikise isih mudha punggung (bodho). Tembunge saiki, Rara Sarwasri durung nduweni kecerdasan emosional lan sosial kang jumbuh karo umure utawa pawakane. Mula banjur dirih-rih dening rama lan ibune diparingi pitutur babagan wajibing pawestri.
Piwulang tumrap pawestri kaandharake ing pupuh kaping pitu yaiku pupuh Dhandhanggula pada 21 tekan 26. Sadurunge digancarake sari-sarine, ngiras pantes kanggo icip-icip cakrik basa lan sastra kang digunanake ing Serat Cemporet perlu dipethikake cakepane.
(pada 21) Kawruhana wajibing pawestri, kudu nganggo kanthi pangkat-pangkat, nigang warna sapangkate, dene ta kang rumuhun, rigen tegen mugen winardi, kang rigen iku bisa, barang karya rampung, angrerakit jroning wisma, tinata kang pantes sembadeng pangrukti, tan ana winaonan.
(pada 22) Lwiring tegen jenak barang kardi, kang sinambut nora salewengan, kongsi tekeng sarampunge, kang mugen wardinipun, wekel wungkul ati sawiji, tan mangro tingalira, mantep tekadipun, lumuh ing reh kadursilan, pangkat ingkang kapindho gemi nastiti, ngati-ati ing tyas.
(pada 23) Lwiring gemi bisa angrumati, myang mamardi dadining branarta, tana lerweh nora brah-breh, sirik ing basa saru, sarwa sasab sabarang kardi, lwire nastiti tansah, matitisaken etung, lumuh tuna barang karya, ngeman marang laku kang datan pakolih, melang yen kalolongan.
(pada 24) Lwiring ngati-ati jroning ati, masang netya murweng manubawa, ngarah-arah sabarang reh, patraping tindak tanduk, laku linggih solah lan muni, mung ngesthi tyas wiweka, wikan ing pakewuh, lamun lagi pinitaya, pinasrahan angopeni barang wadi, nora kena asembrana.
(pada 25) Pangkat kaping tri ingkang winarni, gumati myang mangreti mirantya, kang gumati iku lwire, tumemen kang tinemu, tumanem ing manah dennya mrih, ngopeni mulasara, tanpa taha tuhu, kang mangerti wardinira, bisa nuju prana angon angrawuhi, wahyaning mangsa kala.
(pada 26) Mungguh wardining kang amiranti, tansah dennya cacadhang ing karsa, manci-manci sawancine, taberi amrih sarju, jaga karya rahina wengi, yen iki tinuhonan, kinasih ing kakung, kasebut ambeg utama, Ken Sarwasri mastuti tumameng ati, wulanging yayah rena.
Saka cakepan (syair) ing dhuwur bisa dimangerteni apa wae kang dadi kuwajibaning pawestri kang wis diwengku dening kakung. Wajibing pawestri mengku bale wisma lan leladi ing kakung ana telung bab lan saben bab ana telung perangan, yaiku (1) Rigen, tegen lan mugen, (2) Gemi, nastiti lan ngati-ati, (3) Gumati, mangerti lan miranti.
Dene katrangan piwulang telung tataran manut cakepan tembang mau kaya ing ngisor iki.
Rigen, tegen lan mugen. Pawestri kudu bisa rigen tegese bisa cukat trampil trengginas ngrampungi pagaweyan, pinter leladi ora nguciwani anggone mranata lan ngrerakit jroning wisma. Tegen tegese jenak krasan ing pagaweyan ora salewengan nganti rampung. Mugen lire wekel, sregep, mempeng, manteb tekade ngedohi tumindak ala. Gemi, nastiti lan ngati-ati. Pawestri kudu bisa gemi tegese pinter ngrumat brana arta, bisa ngirit ora lerweh ora brah–breh utawa boros, uga gemi ing tembung ora ngucap saru lan ora sembrana. Nastiti tegese bisa metung, milih, lan milah endi kang luwih penting didhisikake, aja nganti tuna utawa rugi, eman yen tumindak sing tanpa ana gunane. Ngati-ati lire tindak–tanduk lan muna-muni tansah ngarah-arah, ing batin tansah waspada marang samubarang pepalang kang ganggu gawe, lan yen dipercaya ngopeni utawa njaga wadi utawa rahasia bisa nyimpen wewadi mau. Gumati, mangerti lan miranti. Pawestri kudu bisa gumati tegese temen-temen lair batin anggone leladi, ora briga-brigi. Mangerti tegese bisa gawe marem lan lega karana tumindake bisa nuju prana pinter njumbuhake marang wektu lan kahanan. Miranti tegese wayah awan lan bengi sawanci-wanci tansah siyaga (siap) tlaten nindakake dhawuh nuruti pepenginane kakung, netepi kewajiban.
Pituture Resi Drawa lan Endang Rasi marang Rara Sarwasri kuwi yen dipikir kanthi wening isih relevan lan bisa bisa ditrepake ndhapuk kulawarga sing bahagia ayem tentrem kebak rasa sih-sinihan ing jaman saiki. Ibu rumah tangga kang adoh kaka watak rigen, tegen, mugen, gemi, nastiti, ngati-ati, gemati, mangreti, lan miranti tartamtu ora bakal jejeg bale somahe. Watak-watak kuwi yen ditindakake bisa njarari sentosane kulawarga, satemah bisa nggayuh kulawarga kanggo ayem-tentrem, bagya mulya lair batin.
Kasunyatan wektu-wektu iki, sasat saben melek mripat liwat pawarta media cetak apa dene elektronik tansah disuguhi pawarta-pawarta laku criminal kang disababake saka ora harmonise sesambungan ing kulawarga. Ana piwulang luhur ngandharake yen wanita iku cagaking nagara, yen wanitane becik bakal becik negarane, yen wanitane ala bakal rusak negarane. Mula saka kuwi yen para pawestri bisa nindakake piwulange R.Ng.Ranggawarsita lumantar Serat Cemporet mau, mbok manawa anane laku sisip, slingkuh, lan KDRT (Kekerasan Dalam Rumah Tangga) uga bakal bisa diendhani. Mesthi wae, kaum bapak kang minangka ketuanggane rumah tangga uga ngenggoni jejibahane lan bisa dadi paraga kang pantes tinuladha. Para kakung tumemen lair batin bisa ngayani, ngayomi, lan ngayemi. Sikep kuwi kanggo ngimbangi kasetyane pawestri kang bisa manjing rigen, mugen, tegen, gemi, nastiti, ngati-ati, gumati, mangerti lan miranti. Nuwun.
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar